dcsimg

Panda ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Panda Gedhe (Hanzi: 貓熊;; pinyin: mao xiong), Ailuropoda melanoleuca ("Kaki-kucing ireng-putih")utawi ingkang limrahipun dipunwastani Panda.[1] Panda punika salah setunggaling mamalia ingkang limrahipun dipunklasifikasekaken wonten ing famili bruwang Ursidae, ingkang dados kéwan asli Tiongkok tengah.[1] Panda Gedhé manggèn wonten laladan pagunungan, kados ta Sichuan saha Tibet.[1] Nalika setengah abad ke-20 kang kapungkur, panda dados lambang nagara Tiongkok.[1] Sapunika gambar panda ugi dipuncithak dados gambar wonten ing dhuwit emas nagara punika.[1]

Panda miturut nama Chinanipun punika gadhah teges "kucing-bruwang," saha saged ugi dipunwaos bruwang kucing tanpa ngowahi teges.[1] Wonten ing laladan Barat, nama panda punika amargi panda mirib kaliyan Panda abang, ingkang kala rumiyin misuwur kanthi nama Beruang Belang (Ailuropus melanoleucus).[1]

Sanajan miturut taksonomi Panda punika kagolongaken dados kéwan karnivora nanging pandha mangan kados kéwan hèrbivor.[1] Ingkang dados pakananipun panda inggih punika tandur-tuwuhan kaya ta pring.[1] Panda ugi saged dipunwastani kéwan omnivora (saged dipunwastani Karnivora, Omnivora, Hèrbivor), amargi panda ugi mangan endhog lan gegremet.[1] Kekalihipun punika ngandhut protéin kang diperlokaken panda.[1] Kuping panda obah-obah nalika panda lagi mangan.[1] Panda punika kalebet kéwan ingkang kaancam cures.[2] Panda punika gadhah libido ingkang kedhik saéngga radi kirang anggénipun reprodhuksi.[2]

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k l panda.org(dipunundhuh tangga 23 September 2011)
  2. a b dunia.vivanews.com(dipunundhuh tanggal 23 September 2011)
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Panda: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Panda Gedhe (Hanzi: 貓熊;; pinyin: mao xiong), Ailuropoda melanoleuca ("Kaki-kucing ireng-putih")utawi ingkang limrahipun dipunwastani Panda. Panda punika salah setunggaling mamalia ingkang limrahipun dipunklasifikasekaken wonten ing famili bruwang Ursidae, ingkang dados kéwan asli Tiongkok tengah. Panda Gedhé manggèn wonten laladan pagunungan, kados ta Sichuan saha Tibet. Nalika setengah abad ke-20 kang kapungkur, panda dados lambang nagara Tiongkok. Sapunika gambar panda ugi dipuncithak dados gambar wonten ing dhuwit emas nagara punika.

Panda miturut nama Chinanipun punika gadhah teges "kucing-bruwang," saha saged ugi dipunwaos bruwang kucing tanpa ngowahi teges. Wonten ing laladan Barat, nama panda punika amargi panda mirib kaliyan Panda abang, ingkang kala rumiyin misuwur kanthi nama Beruang Belang (Ailuropus melanoleucus).

Sanajan miturut taksonomi Panda punika kagolongaken dados kéwan karnivora nanging pandha mangan kados kéwan hèrbivor. Ingkang dados pakananipun panda inggih punika tandur-tuwuhan kaya ta pring. Panda ugi saged dipunwastani kéwan omnivora (saged dipunwastani Karnivora, Omnivora, Hèrbivor), amargi panda ugi mangan endhog lan gegremet. Kekalihipun punika ngandhut protéin kang diperlokaken panda. Kuping panda obah-obah nalika panda lagi mangan. Panda punika kalebet kéwan ingkang kaancam cures. Panda punika gadhah libido ingkang kedhik saéngga radi kirang anggénipun reprodhuksi.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia