Tetuwuhan iku ing èlmu Biologi tegesé titah kang kagolong Regnum Plantae, ing antarané: kabèh tetuwuhan mawa pembuluh, kang semu lan kang sajati (lumut ati, lumut, paku-pakuan uga tetuwuhan wewiji). Ing vèrsi taksonomi tetuwuhan tinentu, alga ijo uga kalebu ing karajan (regnum) iki. Tetuwuhan iku jinis titah autotrof kang mupangataké klorofil kanggo komponèn pangowah ènèrgi foton saka cahya srengéngé dadi ènèrgi kimiawi kang wujudé gula. Prosès pangalihan iki diarani prosès fotosintesis. Amarga solahé kang autotrof, tetuwuhan iku ana ing posisi angka siji ing ranté ilèn ènèrgi liwat titah (ranté panganan). Amarga warna ijo dominan banget ing anggota karajan iki, mula jeneng liya kang dianggo ya iku Viridiplantae ("tetuwuhan ijo"). Jeneng liyané ya iku Metaphyta.
Klasifikasi tetuwuhan mangsa kapungkur nglebokaké uga kabèh jinis alga lan fungi (kalebu jamur lendhir) minangka anggotané. Kritik-kritik kang muncul sabanjuré agawé fungi dipisahaké saka tetuwuhan. Sanadyan stasioner, fungi asipat saprotrof, olèh ènèrgi saka sisa-sisa bahan organik. Kajaba iku, dhindhing sèl fungi ora kasusun saka bahan kang padha karo tetuwuhan lan malahan mèmper kéwan. Sapérangan gedhé alga banjur wiwit dipisahaké saka kaanggotaan tetuwuhan amarga ora duwé diferensiasi jaringan lan ora ngembangaké klorofil minangka pigmen panangkap ènèrgi.
Panggunaan tèknik-tèknik biologi molekuler marang filogèni tetuwuhan pranyata mènèhi panyengkuyung pamisahan iki.
Nalika sawijining tetuwuhan dikarepaké minangka grup organisme tinamtu utawa taxon, racaké tegesé salah siji konsèp. Panglompokané ya iku:
Cara liya ya iku liwat sawijiningcladogram, kang nuduhaké gayutan evolusionèr. Sajarah évolusi tetuwuhan durung ditata kanthi pepak, nanging salah siji kang wis ditampa ya iku.[2] Those which have been called "plants" are in bold.
ArchaeplastidaGlaucophyta (glaucophyte algae)
Rhodophyta (alga abang)
Chlorophyta (péranganing alga ijo)
streptophyte algae (péranganing alga ijo)
Charales (stoneworts, often included
ing alga ijo)
land plants utawa embryophytes
Watara 350,000 spésies saka tetuwuhan kang ana wektu iki. Taun 2004, watara 287,655 spésies wis ditepungi, ing antarané 258,650 ya iku awujud tetuwuhan ngembang, 16,000 bryophyta, 11,000 pakis lan 8,000 alga ijo.
|coauthors=
(pitulung) Tetuwuhan iku ing èlmu Biologi tegesé titah kang kagolong Regnum Plantae, ing antarané: kabèh tetuwuhan mawa pembuluh, kang semu lan kang sajati (lumut ati, lumut, paku-pakuan uga tetuwuhan wewiji). Ing vèrsi taksonomi tetuwuhan tinentu, alga ijo uga kalebu ing karajan (regnum) iki. Tetuwuhan iku jinis titah autotrof kang mupangataké klorofil kanggo komponèn pangowah ènèrgi foton saka cahya srengéngé dadi ènèrgi kimiawi kang wujudé gula. Prosès pangalihan iki diarani prosès fotosintesis. Amarga solahé kang autotrof, tetuwuhan iku ana ing posisi angka siji ing ranté ilèn ènèrgi liwat titah (ranté panganan). Amarga warna ijo dominan banget ing anggota karajan iki, mula jeneng liya kang dianggo ya iku Viridiplantae ("tetuwuhan ijo"). Jeneng liyané ya iku Metaphyta.