dcsimg

Bakung ( Cava dili )

wikipedia emerging languages tarafından sağlandı

Tetuwuhan Bakung wujud péranganing génus Lilium, jeneng tetuwuhan iki sajeroning basa Inggris ya iku lily. Ana watara 100 suku sajeroning kulawarga bakung (Liliaceae).

Tetuwuhan iku bisa nyelarasaké dhiri karo habitat alas, asring uga pagunungan, lan sok-sok habitat pasuketan. Sapérangan antarané bisa urip ing rawa. Lumrahé tuwuhan iki luwih cocog manggon ing habitat kanthi lemah sing ngandhut kadhar asem saimbang.

Bakung racaké duwé gagang sing kukoh. Akèh-akèhé saka suku bakung mbentuk umbi polos ing jero lemah. Ing sapérangan suku Amérika Lor dhasar saka umbi iki tuwuh dadi rizoma.

Kembang bakung sing gedhé duwé telu godhong kembang, sok-sok wangi, lan ana ing manéka warna saka putih, kuning, jingga, jambon, abang, ungu, warna tembaga, nganti mèh ireng. Ana uga corak wujud bintik-bintik.

Ing ngisor iki suku-suku saka bakung sing wis ditepungi:

lisans
cc-by-sa-3.0
telif hakkı
Penulis lan editor Wikipedia