dcsimg
Plancia ëd Flammulina
Life » » Fungi » » Basidiomycota » » Physalacriaceae »

Flammulina velutipes (Curtis) Singer 1951

Énokitaké ( Giavanèis )

fornì da wikipedia emerging languages
 src=
Jamur Enokitake asil budidaya

Jamur Enokitake (えのき茸? jamur enoki) ya iku jamur pangan kanthi woh asil budidaya kang wujudé dawa-dawa, wernane putih kaya ta tauge.[1] Dikenal uga minangka jamur tauge, jamur mangsa atis, utawa jamur dom emas[2](Hanzi: 金针菇, pinyin: jīnzhēngū, Hangul: 팽이버섯 , Alihaksara: pengi beoseot).

Ing tlatah donya beriklim sejuk, jamur urip ing alam bébas ing suhu udara endek wiwit mangsa palastra nganti wiwitan mangsa semi.[3] Jamur uga bisa urip ing ngisor salju.[3] Jamur urip ing lumah pang wit-witan Celtis sinensis (basa Jepang: Enoki) kang wis lapuk, saéngga sinebut Enokitake (jamur Enoki).[3] Jamur uga bisa urip ing lumah pang kayu lapuk wit-witan kang duwé godhing amba Bebesaran lan Kesemek.[3] Jamur iki kerep dianggep ama tumrap pirang-pirang produk pertanian.[3]

Budidaya

Jamur Enokitake asil budidaya bisa dipanen saben taun.[3] Woh Enokitake asil budidaya katon béda saka Enokitake kang urip ing alam bébas.[3] Jamur asil budidaya dijaga saka sinar srengéngé saéngga wernane putih, déné jamur ing alam bébas wernane coklat arep jambon.[3] Jamur asil budidaya uga duwé pang kang dawa lan kuru-kuru, déné jamur ing alam bébas duwé pang kang luwih cendhek lan lemu.[3] Rasa jamur asil budidaya uga béda banget karo jamur kang urip ing alam bébas.[3]

Cathetan suku

  1. Specialty Produce. 2010. Enoki mushrooms Diundhuh tanggal 5 Mèi 2010.
  2. Darwin. 2008. Mushroom: The Mighty Fungus Diundhuh tanggal 5 Mèi 2010.
  3. a b c d e f g h i j Smith SE. 2010. What is Enokitake? Diundhuh tanggal 6 Mèi 2010.

licensa
cc-by-sa-3.0
drit d'autor
Penulis lan editor Wikipedia

Énokitaké: Brief Summary ( Giavanèis )

fornì da wikipedia emerging languages
 src= Jamur Enokitake asil budidaya

Jamur Enokitake (えのき茸? jamur enoki) ya iku jamur pangan kanthi woh asil budidaya kang wujudé dawa-dawa, wernane putih kaya ta tauge. Dikenal uga minangka jamur tauge, jamur mangsa atis, utawa jamur dom emas(Hanzi: 金针菇, pinyin: jīnzhēngū, Hangul: 팽이버섯 , Alihaksara: pengi beoseot).

Ing tlatah donya beriklim sejuk, jamur urip ing alam bébas ing suhu udara endek wiwit mangsa palastra nganti wiwitan mangsa semi. Jamur uga bisa urip ing ngisor salju. Jamur urip ing lumah pang wit-witan Celtis sinensis (basa Jepang: Enoki) kang wis lapuk, saéngga sinebut Enokitake (jamur Enoki). Jamur uga bisa urip ing lumah pang kayu lapuk wit-witan kang duwé godhing amba Bebesaran lan Kesemek. Jamur iki kerep dianggep ama tumrap pirang-pirang produk pertanian.

licensa
cc-by-sa-3.0
drit d'autor
Penulis lan editor Wikipedia