dcsimg

Fragaria ( 爪哇語 )

由wikipedia emerging languages提供

Fragaria (pocapan jroning basa Inggris /frəˈɡeɪriə/)[2] iku sawijining génus tetuwuhan ngembang sajeroning kulawarga mawar, Rosaceae, kang ditepungi kanthi umum kanthi jeneng stroberi amarga wohé kang bisa dikonsumsi. Ana punjul 20 spésies stroberi lan akèh hibrida sarta kultivaré. Spesies kang paling umum ditandur kanggo didol ya iku saka asil panyilangan Fragaria × ananassa utawa ditepungi minangka strobèri kebon. Stroberi wujud woh komersil kang wigati banget, kang ditangkaraké ing manéka wilahan donya.

Woh stroberi wernané ijo rada putih nalika tuwuh, lan akèh-akèhé malih dadi abang nalika mateng. Jenengé asalé saka basa Inggris kuna streawberige kang wujud gabungan saka streaw utawa "straw" lan berige utawa "berry". Alesan pamènèhan jeneng iki isih ora cetha. Sapérangan spésies Lepidoptera njupuk sumber panganané saka tetuwuhan stroberi, mula spésies iki dadi ama utama tuwuhan stroberi.

Klasifikasi

Ana punjul 20 spésies Fragaria ing saindhenging donya. Kunci panglompokan spésies stroberi iki ya iku dhedhasar cacahing kromosomé. Ana pitung jinis kromosom utama kang ana ing kabèh spésies. Sapérangan spésies iku diploid ya iku duwé rong pasang saka pitung kromosom ndadèkaké gunggungé 14 kromosom. Sing liyané wujud tetraploid ya iku duwé patang pasang saka pitung kromosom ndadèkaké gunggungé 28 kromosom, hexaploid (6 pasang), oktoploid (8 pasang) utawa dekaploid (10 pasang).

Spesies diploid
Spesies tetraploid
Spesies hexaploid
Spesies oktoploid lan variané
Spesies dekaploid lan variané
  • Fragaria × Potentilla
  • Fragaria × vescana

Sapérangan spésies anyar wis ditepungaké kang wujud subspesies saka spésies-spésies ing dhuwur.

Réferènsi

  1. "Fragaria". Germplasm Resources Information Network. United States Department of Agriculture. 2008-03-03. Dijupuk 2009-02-17.
  2. Sunset Western Garden Book, 1995:606–607

許可
cc-by-sa-3.0
版權
Penulis lan editor Wikipedia
原始內容
參訪來源
合作夥伴網站
wikipedia emerging languages

Fragaria: Brief Summary ( 爪哇語 )

由wikipedia emerging languages提供

Fragaria (pocapan jroning basa Inggris /frəˈɡeɪriə/) iku sawijining génus tetuwuhan ngembang sajeroning kulawarga mawar, Rosaceae, kang ditepungi kanthi umum kanthi jeneng stroberi amarga wohé kang bisa dikonsumsi. Ana punjul 20 spésies stroberi lan akèh hibrida sarta kultivaré. Spesies kang paling umum ditandur kanggo didol ya iku saka asil panyilangan Fragaria × ananassa utawa ditepungi minangka strobèri kebon. Stroberi wujud woh komersil kang wigati banget, kang ditangkaraké ing manéka wilahan donya.

Woh stroberi wernané ijo rada putih nalika tuwuh, lan akèh-akèhé malih dadi abang nalika mateng. Jenengé asalé saka basa Inggris kuna streawberige kang wujud gabungan saka streaw utawa "straw" lan berige utawa "berry". Alesan pamènèhan jeneng iki isih ora cetha. Sapérangan spésies Lepidoptera njupuk sumber panganané saka tetuwuhan stroberi, mula spésies iki dadi ama utama tuwuhan stroberi.

許可
cc-by-sa-3.0
版權
Penulis lan editor Wikipedia
原始內容
參訪來源
合作夥伴網站
wikipedia emerging languages