dcsimg

Mrica ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Mrica iku tuwuhan obat kang bisa uga dadi bumbu masakan, mrica iki duwé khasiat ngangetaké awak lan nyegah lelara kanker, tuwuhan iki kalebu bumbon crakèn kang akèh thukul ing laladan Indonésia[1].

Khasiat Mrica

Akèh khasiat saka Mrica, kaya ta:

 src=
Wangun mrica enom,garing lan wis dioceki

Morfologi tuwuhan mrica

Tuwuhan iki kalebu tuwuhan ngrambat kang oyoté nèmpèl ana ing tuwuhan liya atawa barang liya, dawané antara 5–15 m. godhong seling-selingan atawa nyebar. Godhong iku mau dhapuré bunder pucuké lancip kira-kira duwé diameter 5–15 cm lan dawané 8–20 cm, ing pinggir woh ana klanjer-klanjer kang ora katon,Bulir padha misah-misah,gantungan ana pucuk atawa adepan karo godhong,duwé godhong pelindung kang dawané watara 4–5 mm. Uwohe kaya ta buni, bunder-bunder [4].

Jeneng Laladan

Mrica duwé jeneng liyan, kaya ta[4]:

(Anonim, 1980)

Kandhutan kimia

Mrica duwé kandhutan lenga atsiri, pipen, koriofilen, limonen, filendren, alkaloid piperin, kavisin, piperitin, piperidin, zat pait lan lenga lemak (Soedibyo, 1998). Piperin kang kalebu bahan aktif atawa alkaloid kang duwé rasa pedes lan mambu kang anget. Kandungan bahan kimia piperin kang ana ning mrica watara 5-9%. Piperin iki uga bisa dienggo pangobatan tradhisional lan kanggo insektisida[4].

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Mrica: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Mrica iku tuwuhan obat kang bisa uga dadi bumbu masakan, mrica iki duwé khasiat ngangetaké awak lan nyegah lelara kanker, tuwuhan iki kalebu bumbon crakèn kang akèh thukul ing laladan Indonésia.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia