dcsimg

Manuk ocèh-ocèhan ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Ordo Passeriformes utawa Manuk ocèhan iku ordho gedhé dhéwé sajeroning kelas Manuk utawa Aves ing karajan Sato kéwan utawa Animalia. Watara 5.400 spésies utawa punjul setengah gunggung total spésies manuk iku passeriformes.

Spesies manuk sajeroning ordho passeriformes duwé otot sing rumit kanggo ngatur organ suwarané lan sapérangan gedhé manuk-manuk sajeroning ordho iki duwé ukuran awak rélatif luwih cilik tinimbang manuk-manuk sajeroning ordho liyané.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia