dcsimg

Jali ( Cava dili )

wikipedia emerging languages tarafından sağlandı

Jali (Coix lacryma-jobi L.), iku jinis tuwuhan wiji-wijinan (serealia) tropika saka suku padi-padian utawa Poaceae|Poacea (Gramineae). Asale saka Asia Wétan lan Malaya nanging saiki wis kasebar ing sakabehing panggonan ing donya. Pirang-pirang varietas duwé wiji kang bisa dipangan lan bisa dadi sumber karbohidrat lan obat|obat. Bulir kang mateng kabungkus struktur kang atos, wujudé oval lan awarna putih|putih.

Jeneng Liya

Kandhungan lan Mupangate

Ana rong varietas kang biyasa ditandur, ya iku Coix lacryma-jobi var. lacryma-jobi kang duwé thothok (pseudokarpium) atos awarna putih, wujudé oval, lan kanggo manik-manik. Coix lacryma-jobi var. ma-yuen dipangan wong lan uga dadi péranganing tradhisi pangobatan Tiongkok.

Wiji jali duwé kandhungan kimia asem amino, coixol, coixenolide, lan coicin. Déné oyode duwé kandhungan kimia coixol, asem palmitat, asem srearat, betha lan gama-sitosterol, potasium khlorida, glukosa, asem amino, tajin, phytin, lan vitamin B1. Oyod jali duwé rasa legi lan tawar minangka antiradhang lan peluruh kemih. Wijine uga duwé rasa legi|legi lan tawar|tawar minangka antiradhang, peluruh kemih, lan penyerapan. Oyod jali bisa dienggo obar rematik, aboh, infeksi lan batu saluran kemih, keputian, abses paru, lan lara kuning utawa hepatitis. Wijine bisa kanggo obar lara rematik kaya lara otot, lara balung, encok|encok, radhang usus, lan tumor|tumor saluran pencernaan. Ibu-ibu kang lagi ngandhut ora éntuk konsumsi ramuan saka jali amarga bisa ngindhuksi|ngindhuksi persalinan.[2]

Sanajan saiki jali nyaris ora tau dikonsumsi, tuwuhan iki tetep dikenal wong, kaya ing tembang gambang kromong "Jali-jali". Ing perdagangan internasional|internasional Jali dikenal minangka Chinese pearl wheat (gandum mutiara Cina), Sanajan tuwuhan iki luwih cedhak kerabatane karo jagung tinimbang karo gandum.

Cathetan sikil

  1. www.plantnames.unimelb.edu.au Jali
  2. Wijayakusuma, Hembing. 2006. Resep Alami dari Pakar Herbal Atasi Asam Urat dan Rematik ala Hembing. Jakarta: Puspa Swara. ISBN 979-24-4807-1

lisans
cc-by-sa-3.0
telif hakkı
Penulis lan editor Wikipedia

Jali: Brief Summary ( Cava dili )