dcsimg

Tapir asia ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Tapir Asia (Tapirus indicus) punika kalebet salah satunggaling jinis tapir.[1] Asia punika jinis tapir ingkang paling ageng manawi kabandingaken kaliyan jinis tapir sanèsipun.[2] Tapir Asia punika dados satunggal-satunggaling tapir ingkang asalipun saking Asia.[2] Tapir Asia gadhah nama ilmiah inggih punika indicus.[2] Tembung punika wonten gandhéng cénéngipun kaliyan tembung Hindia Timur inggih punika habitat alami tapir Asia.[2] Wonten ing Sumatra tapir limrahipun dipunwastani tenuk or seladang, gindol, babi alu, jaran ayer, jaran rimbu, jaran arau, marba, cipan, saha sipan.[2] Tapir Asia gampil dipuntiteni saking cirinipun ingkang wujud "pelana" werninipun padhang saka bahu ngantos awak pérangan wingking.[2] Wulunipun ing pérangan sanès awerni cemeng kejawi wonten ing pucuk talinganipun ingkang awarni pethak.[2] Pola werni punika dipun-ginakaken tapir Asia kanggé kamuflase.[2] Nalia lagi turu, mungsuhipun tapir punika bakal nginten manawi tapir Asia punika watu ingkang ageng saéngga boten dipunmangsa.[2] Tapir Asia tuwuh ngantos ukuran 1,8 sampai 2,4 m saha 8 kaki, nginggilipun 90 nganti 107 cm (3 ngantos 3,5 kaki).[2] Tapir Asia punika awratipun 250 ngantos 320 kg utawi 550 saha 700 pon.[2] Awratipun tapir Asia punika saged ngantos dumugi 500 kg (1.100 pon).[1] Tapir Asia wadon limrahipun langkung ageng tinimbang tapir jaler.[2] Kadosta jinis tapir sanèsipun, Tapir Asia punika gadhah buntut cendhak lemu.[2] Wonten ing sikil ngajengipun wonten kuku ingkang cacahipun sekawan kuku déné wonten ing sikil ingkang wingking wonten kuku ingkang cacahipun tiga.[2] Indra kanggé mirsani radi boten saé, nanging tapir Asia gadhah indra kanggé mirengaken saha mangertosi gandanipun barang-barang kanthi saé.[2]

Cathetan suku

  1. a b Tapir tapirback.com(dipunundhuh tanggal 5 Oktober 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o harapanrainforest.org(dipunundhuh tanggak 5 Oktober 2011)
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Tapir asia: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Tapir Asia (Tapirus indicus) punika kalebet salah satunggaling jinis tapir. Asia punika jinis tapir ingkang paling ageng manawi kabandingaken kaliyan jinis tapir sanèsipun. Tapir Asia punika dados satunggal-satunggaling tapir ingkang asalipun saking Asia. Tapir Asia gadhah nama ilmiah inggih punika indicus. Tembung punika wonten gandhéng cénéngipun kaliyan tembung Hindia Timur inggih punika habitat alami tapir Asia. Wonten ing Sumatra tapir limrahipun dipunwastani tenuk or seladang, gindol, babi alu, jaran ayer, jaran rimbu, jaran arau, marba, cipan, saha sipan. Tapir Asia gampil dipuntiteni saking cirinipun ingkang wujud "pelana" werninipun padhang saka bahu ngantos awak pérangan wingking. Wulunipun ing pérangan sanès awerni cemeng kejawi wonten ing pucuk talinganipun ingkang awarni pethak. Pola werni punika dipun-ginakaken tapir Asia kanggé kamuflase. Nalia lagi turu, mungsuhipun tapir punika bakal nginten manawi tapir Asia punika watu ingkang ageng saéngga boten dipunmangsa. Tapir Asia tuwuh ngantos ukuran 1,8 sampai 2,4 m saha 8 kaki, nginggilipun 90 nganti 107 cm (3 ngantos 3,5 kaki). Tapir Asia punika awratipun 250 ngantos 320 kg utawi 550 saha 700 pon. Awratipun tapir Asia punika saged ngantos dumugi 500 kg (1.100 pon). Tapir Asia wadon limrahipun langkung ageng tinimbang tapir jaler. Kadosta jinis tapir sanèsipun, Tapir Asia punika gadhah buntut cendhak lemu. Wonten ing sikil ngajengipun wonten kuku ingkang cacahipun sekawan kuku déné wonten ing sikil ingkang wingking wonten kuku ingkang cacahipun tiga. Indra kanggé mirsani radi boten saé, nanging tapir Asia gadhah indra kanggé mirengaken saha mangertosi gandanipun barang-barang kanthi saé.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia