dcsimg

Sporozoa ( javanais )

fourni par wikipedia emerging languages

Sporozoa ya iku filum kalima saka Krajan Protista, kang uga dikenal kanthi jeneng Apicomplexa, ngumpulaké spésies-spésies parasit protozoa intraseluler obligat kang diklasifikasiaké minangka Sporozoa utawa Sporozoans, amarga mbentuk sel-sel reproduksi kang dikenal kanthi jeneng spora.[1]

Sporozoa minangka siji-sijiné anggota Protozoa kang ora nduwéni piranti obah. Sporozoa urip dadi parasit. Cara éntuk pangané kanthi njupuk nutrisi inangé,contoné Plasmodium kang dadi anggota sporozoa kang paling dikenal. Sajeroning awak manungsa, Plasmodium bisa njalari lelara malaria. Nularé saka cokotan lemut Anopheles wédok.[2]

Reproduksi sporozoa kanthi cara aseksual ya iku schizogoni (nyigar awak ing njero awak inang) utawa sporogoni (mbentuk spora ing njero awak inang) lan kanthi cara sèksual ya iku peleburan loro gamet ing njero awak lemut(inang).[3]

Cathetan sikil

  1. Sporozoa (Kaundhuh tanggal 08 Oktober 2012) ;
  2. [1] (Kaundhuh tanggal 26 Oktober 2012) ;
  3. [2] (Kaundhuh tanggal 26 Oktober 2012) ;
licence
cc-by-sa-3.0
droit d’auteur
Penulis lan editor Wikipedia

Sporozoa: Brief Summary ( javanais )

fourni par wikipedia emerging languages

Sporozoa ya iku filum kalima saka Krajan Protista, kang uga dikenal kanthi jeneng Apicomplexa, ngumpulaké spésies-spésies parasit protozoa intraseluler obligat kang diklasifikasiaké minangka Sporozoa utawa Sporozoans, amarga mbentuk sel-sel reproduksi kang dikenal kanthi jeneng spora.

Sporozoa minangka siji-sijiné anggota Protozoa kang ora nduwéni piranti obah. Sporozoa urip dadi parasit. Cara éntuk pangané kanthi njupuk nutrisi inangé,contoné Plasmodium kang dadi anggota sporozoa kang paling dikenal. Sajeroning awak manungsa, Plasmodium bisa njalari lelara malaria. Nularé saka cokotan lemut Anopheles wédok.

Reproduksi sporozoa kanthi cara aseksual ya iku schizogoni (nyigar awak ing njero awak inang) utawa sporogoni (mbentuk spora ing njero awak inang) lan kanthi cara sèksual ya iku peleburan loro gamet ing njero awak lemut(inang).

licence
cc-by-sa-3.0
droit d’auteur
Penulis lan editor Wikipedia