Sapèt ya iku kumpulan kéwan ros-rosan kang saèmper kalajengking nanging buntuté luwih cilik lan tanpa wisa. Kalebu ing ordho Thelyphonida.
Sapèt gampang dikenali saka wernané kang ireng lan sapité kang gedhé. Dawané lumrahé watara 25–30 mm, sanajan uga ana spésiès kang nganti 85 mm[1]. Nalikané ngalami bebaya, Sapèt bakal nyemprotaké campuran asem asétat lan asem oktanoat kang gandané mèmper cuka. Pancèn dudu wisa, nanging gamané kang wujud capit uga nglarani manawa kena manungsa.
Sapèt kalebu kéwan nokturnal. Mangané gegremet, luwing, kalajengking lan cacing. Sumebar ing laladan tropis lan sub tropis, kajaba Eropah lan Australia. Déné ing Afrika mung tinemu siji spésiès ya iku Etienneus africanus[2]. Lumrahé urup ndelik ing ngisor watu utawa kayu. Uga asring tinemu ing pucuk klapa lan jinis palem liyané.
Sapèt ya iku kumpulan kéwan ros-rosan kang saèmper kalajengking nanging buntuté luwih cilik lan tanpa wisa. Kalebu ing ordho Thelyphonida.
Sapèt gampang dikenali saka wernané kang ireng lan sapité kang gedhé. Dawané lumrahé watara 25–30 mm, sanajan uga ana spésiès kang nganti 85 mm. Nalikané ngalami bebaya, Sapèt bakal nyemprotaké campuran asem asétat lan asem oktanoat kang gandané mèmper cuka. Pancèn dudu wisa, nanging gamané kang wujud capit uga nglarani manawa kena manungsa.
Sapèt kalebu kéwan nokturnal. Mangané gegremet, luwing, kalajengking lan cacing. Sumebar ing laladan tropis lan sub tropis, kajaba Eropah lan Australia. Déné ing Afrika mung tinemu siji spésiès ya iku Etienneus africanus. Lumrahé urup ndelik ing ngisor watu utawa kayu. Uga asring tinemu ing pucuk klapa lan jinis palem liyané.