dcsimg

Rosales ( Japonês )

fornecido por wikipedia emerging languages
 src=
Rosales

Rosales iku bangsa tetuwuhan ngembang sing kalebu sajeroning klad eurosids I, rosids, core eudicots, lan eudicots (Sistem klasifikasi APG II). Bangsa iki uga diakoni minangka takson sajeroning sistem klasifikasi Cronquist lan kacakup sajeroning anak kelas Rosidae, kelas Magnoliopsida.

Rosales sajeroning sistem APG II adoh banget béda anggota-anggotané yèn dibandhingaké karo sajeroning sistem Cronquist. Saliyané Rosaceae, praktis kabèh suku sing kalebu Rosales versi Cronquist dialihaké menyang bangsa-bangsa liyané, sauntara sajeroning sistem APG II Urticales (ing sistem Cronquist) digabungaké sajeroning Rosales (sistem APG II).

Ing ngisor iku anggota-anggota bangsa Rosales miturut sistem APG II:

  1. Barbeyaceae
  2. Cannabaceae
  3. Dirachmaceae
  4. Elaeagnaceae
  5. Moraceae (suku ara-araan)
  6. Rhamnaceae
  7. Rosaceae (suku mawar-mawaran)
  8. Ulmaceae
  9. Urticaceae (suku jelatang-jelatangan)
licença
cc-by-sa-3.0
direitos autorais
Penulis lan editor Wikipedia
original
visite a fonte
site do parceiro
wikipedia emerging languages