dcsimg
Plancia ëd <i>Astrorhizoidae</i>
Life » » Rhizaria »

Foraminìfer

Foraminifera

Foraminifera ( Giavanèis )

fornì da wikipedia emerging languages

Foraminifera utawi asring dipunwastani foram inggih punika salah satunggaling organisme sèl satunggal ingkang gadhah thothok kalsit lan asring kawastanan rhizopoda (suku semu).[1] Foraminifera kalebet golongan ageng saking krajan protista kanthi pseudopodia.[2] Foraminifera mèmper kaliyan amoeba, nanging amoeba boten gadhah thothok kados foraminifera kanggé ngayomi protoplasmanipun.[1] Cangkang utawi kerangka saking foraminifera saged dipundadosaken pitedah kanggé ngupadi sumber daya lenga, gas alam, kaliyan mineral ing salebeting bumi.[2] Cangkang foraminifera ngandhut kalsium karbonat (CaCO3).[3] Manawi foraminifera mati, thothokipun lajeng mbentuk siti (tanah) globerina.[3] Siti punika ingkang fungsinipun dados pitedah wontenipun sumber lenga.[3] Foraminifera angsal panganan saking kasil fotosintesis alga ingkang nindakaken simbiosis wonten ing sangandhaping thothok foraminifera.[3] Foraminifera padatanipun gesang wonten ing segara.[3]

Klasifikasi

Jinis-jinis foraminifera punika manéka werni. Foraminfera dipunklasifikasikaken miturut wangunipun thothok kaliyan miturut caranipun gesang.[1]

Miturut wangun thothok

Miturut wangun thothokipun, foraminifera dipunpérang dados 3, inggih punika:

  • Arenaceous (Foraminifera ingkang thothokipun pasiran).[1] Padatan pinanggih ing tlatah ekstrim, kados ta banyu payau utawi segara pérangan jero.[1] Dipunwastani pasiran amarga wangunipun lumah thothok katingal kasar kados kepyuran gendhis pasir.[1]
  • Porcelaneous (Foraminifera ingkang thothokipun gampingan tanpa pori).[1] Padatanipun gesang kanthi cara solitèr, inggih punika mblusukaken thothokipun ing salebeting sédhimèn, kejawi tutugipun (aperture) ingkang methungul ing lumah sédhimèn.[1]
  • Hyalin (Foraminifera ingkang thothokipun gampingan wonten porinipun).[1] Foraminifera jinis punika gadhah variasi wangun thothok ingkang kathah sanget, kados ta lampu kristal kanthi ornamen ingkang njlimet, bening, kaliyan kinclong.[1]

Miturut caranipun gesang

Miturut caranipun gesang, foraminifera dipunpérang dados 2, inggih punika:

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k l Foraminifera(dipunundhuh 16 November 2012)
  2. a b Hemleben, C.; Spindler, M.& Anderson, O.R. (1989). Modern Planktonic Foraminifera. Springer-Verlag. k. 363. Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung)
  3. a b c d e Karmana, Oman.2007.Cerdas Belajar Biologi.Bandung: Grafindo (kaca 72)
licensa
cc-by-sa-3.0
drit d'autor
Penulis lan editor Wikipedia

Foraminifera: Brief Summary ( Giavanèis )

fornì da wikipedia emerging languages

Foraminifera utawi asring dipunwastani foram inggih punika salah satunggaling organisme sèl satunggal ingkang gadhah thothok kalsit lan asring kawastanan rhizopoda (suku semu). Foraminifera kalebet golongan ageng saking krajan protista kanthi pseudopodia. Foraminifera mèmper kaliyan amoeba, nanging amoeba boten gadhah thothok kados foraminifera kanggé ngayomi protoplasmanipun. Cangkang utawi kerangka saking foraminifera saged dipundadosaken pitedah kanggé ngupadi sumber daya lenga, gas alam, kaliyan mineral ing salebeting bumi. Cangkang foraminifera ngandhut kalsium karbonat (CaCO3). Manawi foraminifera mati, thothokipun lajeng mbentuk siti (tanah) globerina. Siti punika ingkang fungsinipun dados pitedah wontenipun sumber lenga. Foraminifera angsal panganan saking kasil fotosintesis alga ingkang nindakaken simbiosis wonten ing sangandhaping thothok foraminifera. Foraminifera padatanipun gesang wonten ing segara.

licensa
cc-by-sa-3.0
drit d'autor
Penulis lan editor Wikipedia