dcsimg

Tarsius katé ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Pygmy Tarsier (Tarsius pumilus), uga dikenal minangka Mountain Tarsier utawa Lesser Spectral Tarsier, iku sawijining primata sing saba wengi, tinemu ing ing Sulawesi Tengah, Indonesia. Pygmy Tarsiers dipercaya wis cures ing taun 2000, nalika èlmuwan Indonesia kanthi ora sengaja matèni siji kéwan mau nalika nggasang tikus. Pygmy Tarsiers urip tinemu pisanan ing taun 1920-an déning tim riset saka Universitas Texas A&M ing Gunung Rore Katimbo ing Taman Nasional Lore Lindu sasi Agustus 2008.[3] Loro kéwan lanang lan siji wadon (siji manèh ucul) kacekel mawa jaring, lan dipasangi radio kanggo nglacak sabané.

Amarga Pygmy Tarsier pisanan sing isih urip katon ing 70-plus taun, kanyatan iki ngguguraké téoariné sawatara primatologis, yèn species iki wis cures.[4]

Katrangan fisik

Awak Pygmy Tarsier dawané 95 nganti 105 mm (kira-kira 4 inchi), lan boboté kurang saka 2 ounces (57 gram). T. pumilus duwé fitur morfologis sing béda banget, dawané awak sing luwih cendhak saka jinis species tarsier liyané, lan boboté sing ènthèng. Uga T. pumilus iki duwé kuping sing luwih cilik tinimbang jinis liyané, lan wuluné warna coklat nom (tan) utawa buff, kanthi warna dominan klawu utawa abang kacoklatan. Buntuté akèh wuluné, lan dawané watara 135 nganti 275 mm. Sing paling nyolok ya iku matané sing gedhé, diamèteré watara 16 mm. Pygmy Tarsier uga duwé cakar, tanpa kuku, ing limang drijiné, lan ing loro driji sikilé. Kuku sing kaya cakar iku kanggo nguwataké cengkereman kanggo nggandhul, mangan, sarta obahan.

Rujukan

  1. Groves, C. (2005-11-16). Wilson, D. E., and Reeder, D. M. (eds), ed. Mammal Species of the World (ed. cithakan ka-3). Johns Hopkins University Press. k. 128. ISBN 0-801-88221-4. Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)
  2. Shekelle M & Salim A (2008). "Tarsius pumilus". IUCN Red List of Threatened Species. Version 2008. International Union for Conservation of Nature. Dijupuk 2008-11-18. Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  3. Dunham, Will (2008-11-18). "Tiny, long-lost primate rediscovered in Indonesia". Reuters U.K. Dijupuk 2008-11-19. Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)
  4. Boyle, Alan (2008-11-18). "Real-life Furbys rediscovered". MSNBC. Dijupuk 2008-11-19. Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Tarsius katé: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Pygmy Tarsier (Tarsius pumilus), uga dikenal minangka Mountain Tarsier utawa Lesser Spectral Tarsier, iku sawijining primata sing saba wengi, tinemu ing ing Sulawesi Tengah, Indonesia. Pygmy Tarsiers dipercaya wis cures ing taun 2000, nalika èlmuwan Indonesia kanthi ora sengaja matèni siji kéwan mau nalika nggasang tikus. Pygmy Tarsiers urip tinemu pisanan ing taun 1920-an déning tim riset saka Universitas Texas A&M ing Gunung Rore Katimbo ing Taman Nasional Lore Lindu sasi Agustus 2008. Loro kéwan lanang lan siji wadon (siji manèh ucul) kacekel mawa jaring, lan dipasangi radio kanggo nglacak sabané.

Amarga Pygmy Tarsier pisanan sing isih urip katon ing 70-plus taun, kanyatan iki ngguguraké téoariné sawatara primatologis, yèn species iki wis cures.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia