Temu ireng (Curcuma aeruginosa) asalé saka Burma, Kamboja, Indocina, lan nyebar nganti tekan Jawa.[1] Tuwuhan iki bisa urip ing plataran lan ing tegalan, temu ireng uga akèh tinemu ing alas jati, ing suket-suket, utawa ing sawah, lan ing dataran cendhèk kang dhuwuré 400-750 mèter sandhuwuré banyu segara.[1] Temu ireng duwé sipat kimiawi lan efek farmakologis: rasané pahit, lan sifaté anget.[2] Temu ireng iki kagolong analgetik (ngurangi lara), lan mbuyarake getih kang mbeku utawa obat peninggi badan.[2]
Temu ireng iku salah siji tuwuhan semak.[3] Tuwuhan iki bisa ditandur kanthi cara umbi.[4] Jeneng liyané: temu erang (Melayu); koneng hideung (Sunda); temu ireng (Jawa); temo ereng (Madura); tamu leteng (Makassar); temu lotong (Bugis).[5]
Pilih umbi kang wis tuwa lan nduwéni tunas.[4] Umbi iki bisa langsung ditandur ing plataran, tegalan lan sapanunggalané.[4] Bagean kang minangka usada iku rimpang utawa umbiné.[6] Carané rimpang diumbah, banjur dikethoki, banjur diangin-anginké supaya kandhungan lenga asiriné ora ilang.[6]
Wité semu, dhuwuré 50 cm warnané ijo.[7] Godhonge siji, tangkaine dawa, 2-9 helai.[1] Helai godhonge wujudé bunder, ndawa.[1][7] Werna kulit njaba kuning lan mengkilap, pucuke jambon.[7] Balung godhonge nyirip, warnané ijo tuwa.[1] Godhongé ora ana wuluné, ukurané 90 x 30 cm, warnané ijo.[8]
Temu ireng akèh kasiaté kaya ta:[9]
Temu ireng (Curcuma aeruginosa) asalé saka Burma, Kamboja, Indocina, lan nyebar nganti tekan Jawa. Tuwuhan iki bisa urip ing plataran lan ing tegalan, temu ireng uga akèh tinemu ing alas jati, ing suket-suket, utawa ing sawah, lan ing dataran cendhèk kang dhuwuré 400-750 mèter sandhuwuré banyu segara. Temu ireng duwé sipat kimiawi lan efek farmakologis: rasané pahit, lan sifaté anget. Temu ireng iki kagolong analgetik (ngurangi lara), lan mbuyarake getih kang mbeku utawa obat peninggi badan.
Temu ireng iku salah siji tuwuhan semak. Tuwuhan iki bisa ditandur kanthi cara umbi. Jeneng liyané: temu erang (Melayu); koneng hideung (Sunda); temu ireng (Jawa); temo ereng (Madura); tamu leteng (Makassar); temu lotong (Bugis).
Temu ireng(Curcuma aeruginosa)