Bengkuang utawa bengkoang (Pachyrhizus erosus) ya iku tuwuhan kang ngasilaké dhangkèl (cormus) kang énak dipangan.[1] Woh-wohan saka Amérika tropis iki klebu golongan suku polong-polongan atau Fabaceae.[1] Ing panggonan asalé, woh-wohan iki dikenal minangka xicama utawa jícama. Wong Jawa ngarani tuwuhan lan woh saka tuwuhan iki bengkowang, déné dhangkèle diarani besusu (/bəsusu/).[1]
Bengkuang minangka liana taunan kang dhuwuré bisa ngancik 4-5m, déné oyote dhawané ngancik 2m.[1]Wité mrambat lan ngubet, kanthi rambut-rambut alus kang anuju mengisor.[1] Godhongé nyirip; pangé dhawané kira-kira 8,5-16 cm; anak godhongé bunder kaya endhog, kanthi pucuke lancip, lan ana rambute ing pinggir-pinggire; anak godhong pérangan pucuk ukurane gedhé dhéwé, wujud belah ketupat, 7-21 × 6–20 cm.[2]
Kembangé nglumpuk ing tandan ing pucuking godhong, kang ijen utawa nggrombol 2-4 tandan, dhawané ngancik 60 cm, kanthi warna rambut soklat.[1] Tabung kelopak wujudé lonceng, kecoklatan, dhawané kira-kira 0,5 cm.[1] Makutha putih ungu kebiru-biruan, gundul, dhawané kira-kira 2 cm.[1] Tangkai sarine pipih, pucuké rada nggulung; kepala putik dhapuré bunder, ing ngisor pucuking tangkai putik, tangkai putik ing ngisor kepala putik.[1] Woh polong dhapuré garis, pipih, dhawané 8–13 cm, berambut, wohé 4-9.[2]
Bengkuang utawa bengkoang (Pachyrhizus erosus) ya iku tuwuhan kang ngasilaké dhangkèl (cormus) kang énak dipangan. Woh-wohan saka Amérika tropis iki klebu golongan suku polong-polongan atau Fabaceae. Ing panggonan asalé, woh-wohan iki dikenal minangka xicama utawa jícama. Wong Jawa ngarani tuwuhan lan woh saka tuwuhan iki bengkowang, déné dhangkèle diarani besusu (/bəsusu/).