dcsimg
Imagem de Anaphalis javanica (Reinw. ex Bl.) Sch. Bip.
Life » » Archaeplastida » » Angiosperms » » Asteraceae »

Anaphalis javanica (Reinw. ex Bl.) Sch. Bip.

Anaphalis javanica ( Japonês )

fornecido por wikipedia emerging languages

Anaphalis javanica, sing ditepungi kanthi populèr minangka Edelweiss jawa (Javanese edelweiss), iku tetuwuhan endemik zona alpina/montana ing manéka pagunungan dhuwur Nusantara.[1] Tuwuhan iki dhuwuré bisa tekan 8 m lan bisa duwé batang sing gedhéné sasikilé manungsa sanajan lumrahé ora ngluwihi 1 m. Tetuwuhan iki saiki dikategorikaké langka.

Edelweis wujud tuwuhan pelopor kanggo lemah vulkanik enom ing alas pagunungan lan bisa tahan urip ing lemah sing tandus, amarga bisa minangka mikoriza karo jamur lemah tinentu sing kanthi èfèktif miyaraké kawasan sing dijangkau déning oyot-oyoté lan ningkatak éfisiènsi sajeroning golèk dat hara. Kembangé, sing lumrahé muncul antarané wulan April lan Agustus[1], banget disenengi gegremet, punjul 300 jinis gegremet kaya déné tumo, tirip, kupu, laler, tabuhan, lan tawon katon nyeraki.

Manawa tuwuhan iki cawang-cawangé dijaraké tuwuh cukup kukoh, edelweis bisa dadi papan nyusuh manuk tiung batu licik Myophonus glaucinus. Pérangan-pérangan edelweis asring dipethik lan digawa mudhun saka gunung kanggo alasan-alasan estetis lan spiritual, utawa mung kanggo kenang-kenangan déning para pendaki. Ing wulan Fèbruari tekan Oktober 1988, ana 636 watang sing kacathet wis dijupuk saka Taman Nasional Gunung Gede Pangrango, sing wujud salah siji papan pangreksan akir tuwuhan iki. Sajeroning wates tinentu lan manawa mung potongan-potongan cilik sing dipethik, tekanan iki bisa ditoleransi. Ing Taman Nasional Brama Tengger Semèru, tuwuhan iki ditélakaké cures.[2]

Sayangé kasrakahan sarta pangarep-arep sing salah wis ngorbanaké akèh populasi, mligi populasi sing ana ing dalan-dalan setapak. Panalitèn sing wis dilakokaké nuduhaké yèn edelweis bisa ditangkaraké kanthi gampang liwat pamotongan cawang-cawangé. Mula potongan-potongan iku mungel bisa didol marang pengunjung kanggo ngurangi tekanan marang populasi alasan.

Rujukan

  1. a b Whitten, Tony and Jane (1992). Wild Indonesia: The Wildlife and Scenery of the Indonesian Archipelago. United Kingdom: New Holland. kk. page 127. ISBN 1-85368-128-8.
  2. dlc.dlib.indiana.edu

Gladri

licença
cc-by-sa-3.0
direitos autorais
Penulis lan editor Wikipedia
original
visite a fonte
site do parceiro
wikipedia emerging languages

Anaphalis javanica: Brief Summary ( Japonês )

fornecido por wikipedia emerging languages

Anaphalis javanica, sing ditepungi kanthi populèr minangka Edelweiss jawa (Javanese edelweiss), iku tetuwuhan endemik zona alpina/montana ing manéka pagunungan dhuwur Nusantara. Tuwuhan iki dhuwuré bisa tekan 8 m lan bisa duwé batang sing gedhéné sasikilé manungsa sanajan lumrahé ora ngluwihi 1 m. Tetuwuhan iki saiki dikategorikaké langka.

Edelweis wujud tuwuhan pelopor kanggo lemah vulkanik enom ing alas pagunungan lan bisa tahan urip ing lemah sing tandus, amarga bisa minangka mikoriza karo jamur lemah tinentu sing kanthi èfèktif miyaraké kawasan sing dijangkau déning oyot-oyoté lan ningkatak éfisiènsi sajeroning golèk dat hara. Kembangé, sing lumrahé muncul antarané wulan April lan Agustus, banget disenengi gegremet, punjul 300 jinis gegremet kaya déné tumo, tirip, kupu, laler, tabuhan, lan tawon katon nyeraki.

Manawa tuwuhan iki cawang-cawangé dijaraké tuwuh cukup kukoh, edelweis bisa dadi papan nyusuh manuk tiung batu licik Myophonus glaucinus. Pérangan-pérangan edelweis asring dipethik lan digawa mudhun saka gunung kanggo alasan-alasan estetis lan spiritual, utawa mung kanggo kenang-kenangan déning para pendaki. Ing wulan Fèbruari tekan Oktober 1988, ana 636 watang sing kacathet wis dijupuk saka Taman Nasional Gunung Gede Pangrango, sing wujud salah siji papan pangreksan akir tuwuhan iki. Sajeroning wates tinentu lan manawa mung potongan-potongan cilik sing dipethik, tekanan iki bisa ditoleransi. Ing Taman Nasional Brama Tengger Semèru, tuwuhan iki ditélakaké cures.

Sayangé kasrakahan sarta pangarep-arep sing salah wis ngorbanaké akèh populasi, mligi populasi sing ana ing dalan-dalan setapak. Panalitèn sing wis dilakokaké nuduhaké yèn edelweis bisa ditangkaraké kanthi gampang liwat pamotongan cawang-cawangé. Mula potongan-potongan iku mungel bisa didol marang pengunjung kanggo ngurangi tekanan marang populasi alasan.

licença
cc-by-sa-3.0
direitos autorais
Penulis lan editor Wikipedia
original
visite a fonte
site do parceiro
wikipedia emerging languages