dcsimg
Imagem de Actinoscyphiidae Stephenson 1920

Anthozoa Ehrenberg 1834

Anthozoa ( Japonês )

fornecido por wikipedia emerging languages

Anthozoa ya iku kelas saka kulawarga Avertebrata utawa kéwan ora duwé balung mburi kagolong ing filum Cnidaria. Anthozoa asalé saka basa Yunani, anthos kang artiné kembang, lan zoon artiné kéwan. Anthozoa artiné kéwan kang wujudé kaya kembang utawa kéwan kembang, kaya ta anemon segara lan kéwan-kéwan karang. Anthozoa duwé asifat polip. Tuladha anemone segara ya iku Metridium.[1]

Awak

Awak Anthozoa wujudé bunder cekak. Ing salah sijiné pucuk ana cangkem wujud bolongan kang diubengi tentakel kang ngandut nematosista. Pucuk kang liyané wujud lempeng kanggo nemplekake awak ing karang lan wujud liyané kang ana ing segara.Sakngisoré cangkem ana krongkongan sok diarani stomodeum. Ing stomodeum, ing salah sijiné pinggir utawa ing lapisan kiwa tengené ana bolongan cilik mumpangate kang mau sifonoglifa wujud piranti kanggo ambegan. Ing ngisoré stomodeum kapengkar gastrovaskuler.Bolongan kang ana nematosista bisa uga ngetokaké upas kanggo musuhé. Panganané wujud urang cilik lan invertebrata.[2]

Cathetan suku

licença
cc-by-sa-3.0
direitos autorais
Penulis lan editor Wikipedia
original
visite a fonte
site do parceiro
wikipedia emerging languages

Anthozoa: Brief Summary ( Japonês )

fornecido por wikipedia emerging languages

Anthozoa ya iku kelas saka kulawarga Avertebrata utawa kéwan ora duwé balung mburi kagolong ing filum Cnidaria. Anthozoa asalé saka basa Yunani, anthos kang artiné kembang, lan zoon artiné kéwan. Anthozoa artiné kéwan kang wujudé kaya kembang utawa kéwan kembang, kaya ta anemon segara lan kéwan-kéwan karang. Anthozoa duwé asifat polip. Tuladha anemone segara ya iku Metridium.

licença
cc-by-sa-3.0
direitos autorais
Penulis lan editor Wikipedia
original
visite a fonte
site do parceiro
wikipedia emerging languages