dcsimg

Cacing kremi ( Giavanèis )

fornì da wikipedia emerging languages

Cacing kremi ya iku cacing Enterobius vermicularis kang tumbuh lan ngendhog ning sajeroning usus. Cacing Enterobius vermicularis nyebabkaké infeksi cacing kremi kang karan uga enterobiasis utawa oksiuriasis. Infeksi racaké kedaden liwat 2 tahap. Pisanan, endhog cacing pindah saka laladan sekitaré anus penderita maring klambi, seprei utawa dolanan. Nuli liwat driji tangan, endhog cacing pindah maring cangkem bocah liyané lan akiré keeleg. Endhog cacing uga bisa keserot karo angin saka irung nuli keeleg. Sawisé endhog cacing keeleg, nuli larvané netès ning njeroning usus cilik lan bakal dadi cacing diwasa ning njeroning usus gedhé (prosès pematangan iki waktuné nganti 2-6 minggu). Cacing diwasa wadon nyedhaki anus (nalika bengi) kanggo nyimpen endhogé ning limpetan kulit anus. Endhog iku bisa kuat 3 minggu ning njabané awak manungsa ning suhu ruangan kang normal. Nanging endhog bisa netes luwih rikat lan cacing sing enom bisa mlebu manèh ning rektum lan usus pérangan ngisor.

Tandha-tandha

Gejalané keneng cacingan kaya ta:

  1. Rasa gatel banget ning anus
  2. Rewel (amarga rasa gatel nalika turu nalika bengi)
  3. Kurang tidur
  4. Nafsu mangan berkurang, aboté awak mudhun (jarang ditemoni, nanging bisa kedaden nalika infeksi kang parah)
  5. Rasa gatal utawa iritasi vagina (ning bocah wadon, manawa cacing diwasa mlebu maring vagina)
  6. Kulit ning pinggiré anus didi lecet, kasar, atawa dadi infeksi (amarga digaruki).

Komplikasi

  1. Salpingitis (radang saluran indung telur)
  2. Vaginitis (radang vagina)
  3. Infeksi ulang.

Diagnosis

Cacing kremi bisa dideleng karo mata telanjang ning anusé sing lelara, ning wektu 1-2 jam sawisé bocahé turu nalika bengi. Cacing kremi warnané pitih lan tipisé kaya rambut, lan aktif gerak.

Endhog utawa cacingé bisa tinemu kanthi cara nempelaké selotip ning lipatan kulit pinggiré anus, nalika ésuk sadurungé bocah tangi. Nuli selotip mau ditempelaké ning kaca objek lan diperiksa karo mikroskop.

Pangobatan

Infeksi cacing kremi bisa ditambani ngan ganggo obat dosis tunggal obat anti-parasit mebendazole, albendazole utawa pirantel pamoat. Kabehé anggota kulawarga ning saumah rumah kuduné ngombé obat obat mau, amarga infeksi ulang bisa nyebar saka wong liyané manèh.

Kanggo ngurangi rasa gatel, bisa diolesaké krim utawa salep anti gatél mring pinggiré anus akehé nganti 2-3 kali nggal dina. Sanajan wis ditambani, sok kedaden infeksi ulang amarga endhog kang esih urip terus dibuang karo tinja seminggu suwené sawisé pangobatan. Pakaian, seprei lan dolanané bocah apiké sok dicuci kanggo musnahaké endhog cacing kang esih nempel.

Carané ngendalikaké infeksi cacing kremi ya iku:

  1. ngumbah tangan sadurungé mangan lan sawisé ngising
  2. Ngetok kuku lan njaga resiké kuku
  3. Ngumbah seprei minimal 2 kali saminggu
  4. Ngumbah WC nggal dina
  5. Ngindari nggaruk bokong amarga bisa gawé tangan kotor lan nggal apa kang dicekel
  6. Ngadohaké tangan lan driji tangan saka irung lan cangkem.

Cathetan suku

licensa
cc-by-sa-3.0
drit d'autor
Penulis lan editor Wikipedia

Cacing kremi: Brief Summary ( Giavanèis )