dcsimg

Jamur kuping putih ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Jamur kuping pethak utawi mawi basa Jawi ngoko jamur kuping putih ingkang gadhah nami Latin Tremella fuciformis punika salah setunggaling spésies saking kelas Heterobasidiomycetes (jelly fungi).[1] Jamur kuping pethak gadhah badan ingkang wangunipun kados rumbai-rumbai ingkang boten aturan.[1] Jamur kuping pethak gadhah werni pethak saha bening utawi transparan kados ager-ager.[1]

Wonten ing basa Tionghoa, jamur kuping pethak misuwur kanthi nami pinyin: yin er, "kuping pérak" utawi (pinyin: bai mu er, "kuping wit putih").[1]

Jamur kuping pethak tuwuh wonten ing kayu ingkang sampun lapuk saking wit-witan ingkang ronipun wiyar.[1] Jamur kuping pethak wonten ingkang dipunmasak nalika taksih seger, wonten ugi ingkang dipunmasak kanthi dipungaringaken rumiyin.[1] Jamur kuping pethak ingkang dipungaringaken punika wangunipun lajeng mengkeret.[1] Manawi badhé masak jamur kuping pethak ingkang garing punika kedah dipunkum rumiyin wonten toya.[1] Jamur kuping pethak langkung kathah dipunsadé kanthi wangun garing.[1]

Jamur kuping punika asring dipun-ginakaken kanggé dhaharan panutup.[1] Jamur kuping pethak boten gadhah raos menapa-menapa.[1] Jamur kuping pethak gadhah tèkstur ingkang kenyal kados jelly nalika dipudhahar.[1] Jamur kuping pethak punika migunani tumrap kaséhatan manungsa.[1]

Kajawi dipunmasak, jamur kuping pethak ugi saged dipundamel ès.[2] Ès punika dipunwastani ès jamur kuping pethak.[2]

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k l m naturindonesia.com(dipunundhuh tanggal 16 September 2011)
  2. a b gayahidup.liputan6.com(dipunundhuh tanggal 16 September 2011)
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Jamur kuping putih: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Jamur kuping pethak utawi mawi basa Jawi ngoko jamur kuping putih ingkang gadhah nami Latin Tremella fuciformis punika salah setunggaling spésies saking kelas Heterobasidiomycetes (jelly fungi). Jamur kuping pethak gadhah badan ingkang wangunipun kados rumbai-rumbai ingkang boten aturan. Jamur kuping pethak gadhah werni pethak saha bening utawi transparan kados ager-ager.

Wonten ing basa Tionghoa, jamur kuping pethak misuwur kanthi nami pinyin: yin er, "kuping pérak" utawi (pinyin: bai mu er, "kuping wit putih").

Jamur kuping pethak tuwuh wonten ing kayu ingkang sampun lapuk saking wit-witan ingkang ronipun wiyar. Jamur kuping pethak wonten ingkang dipunmasak nalika taksih seger, wonten ugi ingkang dipunmasak kanthi dipungaringaken rumiyin. Jamur kuping pethak ingkang dipungaringaken punika wangunipun lajeng mengkeret. Manawi badhé masak jamur kuping pethak ingkang garing punika kedah dipunkum rumiyin wonten toya. Jamur kuping pethak langkung kathah dipunsadé kanthi wangun garing.

Jamur kuping punika asring dipun-ginakaken kanggé dhaharan panutup. Jamur kuping pethak boten gadhah raos menapa-menapa. Jamur kuping pethak gadhah tèkstur ingkang kenyal kados jelly nalika dipudhahar. Jamur kuping pethak punika migunani tumrap kaséhatan manungsa.

Kajawi dipunmasak, jamur kuping pethak ugi saged dipundamel ès. Ès punika dipunwastani ès jamur kuping pethak.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia