dcsimg
Image of <i>Agaricus silvicola</i>

Fungus

Fungi

Fungi ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Istilah Fungi ora padha karo jamur. Mangga pirsani artikel mau kanggo informasi sabanjuré.

Fungi iku jeneng regnum saka saklompok gedhé makluk urip eukariotik heterotrof sing ngejur panganané sanjabaning badan banjur nyerep molekul nutrisi mlebu sel-selé.

Èlmu sing nyinaoni fungi karan mikologi (saka oyot tembung Yunani μυκες, "ilu", lan λογοσ, "kawruh", "lambang").

Wangun fungi

Fungi duwé manéka wangun. Awam ngenal sapérangan gedhé anggota Fungi minangka jamur, kapang, khamir, utawa ragi, sanadyan asring sing dikarepaké ya iku panampilan njaba sing katon, dudu spesiesé dhéwé. Kangèlan sajeroning nepungi fungi dijalari anané pagiliran keturunan sing duwé panampilan sing béda (èlinga metamorfosis ing gegremet utawa kodhok).

Tangkar-tumangkar

Fungi tangkar-tumangkar kanthi sèksual lan aseksual. Tangkar-tumangkar sèksual kanthi cara: loro hifa saka jamur sing béda nglebur tumuli mbentuk zigot banjur zigot tuwuh dadi badan woh, éwadéné tangkar-tumangkar aseksual kanthi cara: mbentuk spora, mawa tunas utawa fragmentasi hifa. Jamur duwé kothak spora sing karan sporangium. Ing njero sporangium ana spora. Conto jamur sing mbentuk spora ya iku Rhizopus. Conto jamur sing mbentuk tunas ya iku Saccharomyces. Hifa jamur bisa kapurus lan saben fragmen bisa tuwuh dadi badan woh.

Posisi fungi ing taksonomi

Fungi biyèn diklompokaké minangka tetuwuhan. Ing perkembangané, fungi dipisahaké saka tetuwuhan amarga akèh prakara sing béda. Fungi dudu autotrof kaya ta tetuwuhan nanging heterotrof saéngga luwih cerak marang kéwan. Upaya ndadèkaké siji fungi karo kéwan ing golongan sing padha uga gagal amarga fungi ngejur panganané ing sanjabaning badan (èksternal), ora kaya kéwan sing ngejur panganané kanthi internal. Saliyané iku, sel-sel fungi duwé dinding sel sing kasusun saka kitin, ora kaya sel kéwan.

Réferènsi

  1. Moore RT. (1980). "Taxonomic proposals for the classification of marine yeasts and other yeast-like fungi including the smuts". Botanica Marine 23: 361–73.
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Fungi: Brief Summary ( Javanese )