dcsimg

Rèptil ( javanais )

fourni par wikipedia emerging languages

Rèptil (Basa Jawa Kuna: sarisrepa) iku sajinis kéwan rumangkang sing kalebu kulawarga kéwan vertebrata (kang duwé balung mburi (geger)). Rèptil uga mlaku kanthi ngrayap utawa melata, awaké kang adhem ditutupi nganggo kulit utawa sisiksisik, duwé getih anyep lan jantungé uga kapérang dadi papat (4) pérangan kang ora sampurna. Ciri liyané bisa tinemu saka carané kéwan iki tumangkar ya iku kanthi ngendhog, kaya ta ula Ophidia, baya crocodilia, kadhal Lacertilia lan bangsa bulus chelonia. Rèptil iku tetrapoda, lan uga amniota (kéwan sing embrioné dikupengi membran amniotik). Saiki rèptil ana patang ordho:

Rèptil bisa ditemoni ing kabèh bawana kejaba Antartika, sanadyan panyebaran rèptil sing utama mung ing laladan tropis lan sub-tropis.

Kabèh rèptil duwé thothok kejaba sapérangan anggota ordho Testudines.

licence
cc-by-sa-3.0
droit d’auteur
Penulis lan editor Wikipedia