dcsimg

Tinggi ( Jaava )

tarjonnut wikipedia emerging languages

Tinggi ya iku gegremet parasit saka kulawarga Cimicidae. Kayadéné tuma, tinggi kawentar dadi kéwan cilik kang nyesep getih manungsa lan kéwan getih panas liyané. Tinggi seneng manggoN ing sakjeroning omah, mligi ing peturon. Kéwan iki seneng ngendhog ing papan-papan temlesep ing peturon, kasur, bantal lan sapituruté. Kéwan iki lumrahé nyesep getih nalika wengi tanpa dirasa, lan tilasé bakal ninggal bintul warna abang, gatel lan panas. Kéwan iki uga duwé ganda kang ora énak.

Kéwan iki uga karan kepinding, bangsat, lan Kutu busuk.

Solah

 src=
Tinggi kang ndhelik ing bolongan sekrup

Perluné getih

Tinggi merlokakaé getih kanggo uripé wiwit netes nganti diwasa.[1] Lumrahé kéwan iki tinemu ing peturon, kursi lan sofa. Ing Indonésia, tinggi umum tinemu ing omah, hotèl, kursi biyoskup lan papan umum liyané.[1]

Tangkar-tumangkar

Tinggi wadon bisa ngendhog nganti 200 wiji, utawa 3-4 papat iji saben dina. Umur 5 sasi, tinggi wis dadi diwasa lan bisa urip nganti umur 10 sasi.[1]

Rujukan

lisenssi
cc-by-sa-3.0
tekijänoikeus
Penulis lan editor Wikipedia
alkuperäinen
käy lähteessä
kumppanisivusto
wikipedia emerging languages

Tinggi: Brief Summary ( Jaava )