dcsimg

Jeler alit ( الجاوية )

المقدمة من wikipedia emerging languages

Jeler alit (Nemacheilus chrysolaimos) punika jinisng iwak saking toya tawar kanthi awak ingkang alit lan lan kalebet anggota saking suku Balitoridae. Ulam ingkang gesang wonten ing lèpèn-lèpèn alit punika nyebar wonten ing Pulo Jawa sisih kulon. Nama spesièsipun saking tuturan Gerika: chrysos (ψρυσός), ingkang ateges “emas”, lan laimos (λαίμός) ingkang ateges “tutuk”.

Morfologi

 src=
Sisi nginggilipun kepala

.

Ulam punika gadhah awak ingkang alit, gilig, dawanipun standar (tanpa lembar sirip buntut) dumugi 50 mm. Batanging buntut (caudal peduncle) dawanipun kirang langkung 1,1 - 1,5 kali dhuwuripun, tanpa sisik-sisik lancip ing kiwa-tengené gurat sisih. Matanipun 18-26 kali langkung cendhet tinimbang dawa standaripun. Wonten 9 - 18 pita (belang) warni ireng tipis ingkang boten ketata ing awakipun. Kepalanipun awarna coklat, kanthi bintik ireng ing antawisipun mata kekalihipun lan kalih bintik sanès, ing pérangan sisih mata warnanipun radi putih.

Dawanipun awak ing sisih lateral ing antawisipun 19,7 – 24,9% (rata-rata 22,0%) ketandingan kaliyan dawa standar (SL, standard length). Dawa kepala ing sisih dorsal punika 16,2 – 20,3 (18,3) % SL. Dhuwuring kepala ing sanginggiling mata 8,3 – 12,5 (10,1) % SL. Dhuwuring awak ing wiwitan sirip dorsal punika 13,9 – 21,6 (16,6) % SL. Dhuwuripun batang buntut 10,2 – 13,1 (11,8) % SL.[3]

 src=
Awak ingkang belang-belang. 40 mm SL

Tutukipun wonten ing sangandhapipun mocong nglengkung kados busur. Ing sakiwa-tengené tutuk wonten tigang pasang sungut cendhèk. Pasangan sungut moncong (rostral barbels) ing sisih njero pucukipun dumugi tengah mata pérangan ngandhap. Pasangan sungut moncong ing sisih njawi lan sungut rahang nginggil (maxillary barbels) pucukipun saged dumugi parung angka kalih wewengkon post-orbital ing sisih kepala. Tonjolan ing nginggilipun bolongan irung (nares) pérangan ngajeng wujud tabung cendhek ingkang kepangkas miring.

Jari-jari sirip punggung (dorsal) 4/8 (prasaja/gadhah cabang) ; sirip dubur (anal) 3/5 ; jari-jari sirip dhadha (pectoral) 11-13 ; sirip weteng (ventral) 8 ; lan sirip buntut (caudal) 9+8.

Ekologi

Ulam jeler alit punika gesang wonten ing lepen-lepen ingkang toyanipun bening lan ilining toya punika banter kanthi substrat wujud pasir utawi watu krikil. Ingkang dados mangsa ulam punika tempayak laler (diptera) lan (Trichoptera).

Cathetan suku

  1. van Hasselt, J.C. 1823. Uittreksel uit een brief van den Heer J.C. van Hasselt, aan den Heer C.J. Temminck, geschreven uit Tjecande, Residentie Bantam, den 29 sten December 1822. Algemeene Kunst- en Letter-Bode voor het jaar 1923, II deel, No 35, Vrijdag den 16 den Mèi: 130-133
  2. Cuvier, G. and A. Valenciennes. 1846. Histoire Naturelle des Poissons. Paris (Levrault).
  3. Kottelat, M. 1984. Revision of the Indonesian and Malaysian Loaches of the Subfamily Noemacheilinae. Japan J. Ichthyol. 31 (3):115-260. Part 1 and 2
ترخيص
cc-by-sa-3.0
حقوق النشر
Penulis lan editor Wikipedia
النص الأصلي
زيارة المصدر
موقع الشريك
wikipedia emerging languages

Jeler alit: Brief Summary ( الجاوية )

المقدمة من wikipedia emerging languages

Jeler alit (Nemacheilus chrysolaimos) punika jinisng iwak saking toya tawar kanthi awak ingkang alit lan lan kalebet anggota saking suku Balitoridae. Ulam ingkang gesang wonten ing lèpèn-lèpèn alit punika nyebar wonten ing Pulo Jawa sisih kulon. Nama spesièsipun saking tuturan Gerika: chrysos (ψρυσός), ingkang ateges “emas”, lan laimos (λαίμός) ingkang ateges “tutuk”.

ترخيص
cc-by-sa-3.0
حقوق النشر
Penulis lan editor Wikipedia
النص الأصلي
زيارة المصدر
موقع الشريك
wikipedia emerging languages