dcsimg

Glathik ( الجاوية )

المقدمة من wikipedia emerging languages

Glathik utawa gelatik ya iku manuk oceh-ocehan salah siji génus jinis manuk emprit, kang ing antarané kalebu spésies glathik jawa (P. oryzivora) lan glathik timor (P. fuscata) kang duwé rupa saemper, nanging glathik timor duwé ukuran luwih cilik.

Manuk iki urip nggrombol, nyenengi papan kang tenggar lan akèh suket, pangane wewijen (serealia) mligi pari.

Manuk iki duwé ciri pipi kang warna putih, endhase ireng, cucuke warna abang lan kandel.

ترخيص
cc-by-sa-3.0
حقوق النشر
Penulis lan editor Wikipedia
النص الأصلي
زيارة المصدر
موقع الشريك
wikipedia emerging languages