dcsimg
光海紅豆的圖片
Life » » Archaeplastida » » 木蘭綱 » » 豆科 »

光海紅豆

Adenanthera pavonina L.

Sogok telik ( 爪哇語 )

由wikipedia emerging languages提供

Sogok telik utawa Sogok thuntheng (Adenanthera pavonina) sawijining wit-witan kang memper tuwuhan pete, kagolong kacang-kacangan. Tuwuhan iki asalé saka Asia Kidul lan wis sumebar ing laladan-laladan tropis. Wit sogok telik duwure bisa nganti watara 10 mèter lan gedhene sakprangkulan. Ing karang padésan, sogok telik racaké thukul ana ing pomahan sakiwa tengen omah. Déné ing kutha, biyasa ditandur ing kiwa-tengen dalan gedhé utawa taman kanggo eyup-eyup.

Godhonge saemper karo godhong pete lan kelor, lan duwé kasiat kanggo tamba rematik. Kayune cukup atos saéngga kena kanggo mebel, kusen lan balungan omah.

Isiné kang warna abang menceling biyasa diklumpukake bocah-bocah kanggo dolanan, utawa dibakar lan jeroné dipangan.

Tuwuhan liya kang uga duwé jeneng sogok telik ya iku Abrus precatorius kang awujud wit-witan mrambat kang isiné bunder-bunder sak gotri warna abang menceling uga lan ana campuran warna ireng. Kanggo mbedakake, diarani sogok telik lanang.

Uga delengen

 src=
Isi sogok telik

Cithakan:Tetuwuhan-stub

許可
cc-by-sa-3.0
版權
Penulis lan editor Wikipedia
原始內容
參訪來源
合作夥伴網站
wikipedia emerging languages

Sogok telik: Brief Summary ( 爪哇語 )