dcsimg
大冇榕的圖片
Life » » Archaeplastida » » 木蘭綱 » » 桑科 »

大冇榕

Ficus septica Burm. fil.

Awar-awar ( 爪哇語 )

由wikipedia emerging languages提供

Awar-Awar (Ficus septica) ya iku jenis tuwuhan kang kalebu sedulur saka wit ringin, anggota suku Moraceae. Wit kang rupa grumbul iki umum ditemokaké ing gegrumbulan utawa ing panggonan kan ora kerumat, ing kabéh laladan Malësia kajaba ing Semenanjung Melayu. Dhadhak kang ana ing oyot, pang, godhong lan woh iku digunakaké kanggo nambani keracunan lan lara weteng. Jeneng-jeneng saka dhaérah liya antarané awar-awar (Bl.); bar-abar (Md.); ki ciyat (Sd.); suruh bill (Amb.); dausalo (Bug.); tobo-tobo (Mak.); tagalolo (Minh., Ternate); bobulutu (Gal.).[2]

Wedharan

 src=
Pupus karo godhong angkup

Wit grumbul biasané dhuwuré 1-5 m, ing alas bisa nganti 25 m[3]. Pang lan rèncèk bunder gilig, nggronggong lan tanpa lugut/ri. Nalika ditatoni metu tlutuh kuning nom utawa bening.[4]

Godhong angkup ing pupus gedhé. Mapané godhong ing pang sesalng-seling utawa adhep-adhepan, gagangé 2.5–5 cm. Lembaran godhong gedhé lonjong ukuran 9-30 × 9–16 cm, pok-é bunder lan pucuké papak, pinggiré rata lan balungané putih pucet.

Woh awar-awar dadi pangan kanggo 22 spésiès kéwan, 14 antarané lawa. Lawa-lawa sing sing panganané woh utawa codot (Megachiroptera) uga dadi mitra nyebaraké winih tuwuhan iki menyang papan liya.[5] "

Rujukan

  1.  src= Austria 1768. Flora Indica: cui accedit series zoophytorum Indicorum, nec non prodromus florae Capensis: 226. Amstelaedami :Apud Johannem Schreuderum ;1768.
  2. Heyne, K.. 1987. Tumbuhan Berguna Indonesia II: 695-6. Badan Litbang Kehutanan, Departemen Kehutanan. Jakarta. (versi berbahasa Belanda -1916- 2:68-9; sebagai Ficus leucantatoma Poir.)
  3. Berg, C.C. & Corner E.J.H. (2005). "Moraceae". Flora Malesiana. I 17. ISBN 1-930723-40-7.
  4. van Steenis, C.G.G.J. 1981. Flora, untuk sekolah di Indonesia. PT Pradnya Paramita. Jakarta. Hal. 177.
  5. Shanahan, M.; Compton, S. G.; So, S. & Corlett, R. (2001). PDF fullteèt "Fig-eating by vertebrate frugivores: a global review" Priksa gandra |url= (pitulung) (PDF). Biological Reviews 76 (4): 529–72. PMID 11762492. doi:10.1017/S1464793101005760.
許可
cc-by-sa-3.0
版權
Penulis lan editor Wikipedia
原始內容
參訪來源
合作夥伴網站
wikipedia emerging languages

Awar-awar: Brief Summary ( 爪哇語 )

由wikipedia emerging languages提供

Awar-Awar (Ficus septica) ya iku jenis tuwuhan kang kalebu sedulur saka wit ringin, anggota suku Moraceae. Wit kang rupa grumbul iki umum ditemokaké ing gegrumbulan utawa ing panggonan kan ora kerumat, ing kabéh laladan Malësia kajaba ing Semenanjung Melayu. Dhadhak kang ana ing oyot, pang, godhong lan woh iku digunakaké kanggo nambani keracunan lan lara weteng. Jeneng-jeneng saka dhaérah liya antarané awar-awar (Bl.); bar-abar (Md.); ki ciyat (Sd.); suruh bill (Amb.); dausalo (Bug.); tobo-tobo (Mak.); tagalolo (Minh., Ternate); bobulutu (Gal.).

許可
cc-by-sa-3.0
版權
Penulis lan editor Wikipedia
原始內容
參訪來源
合作夥伴網站
wikipedia emerging languages