Lavender utawa lavendel utawa Lavandula iku sawijining génus tetuwuhan ngembang sajeroning suku Lamiaceae sing duwé 25-30 spésies. Asal tetuwuhan iki saka wewengkon kidul Laut Tengah tekan Afrika tropis lan mangétan tekan India. Genus iki kalebu tuwuhan taunan, tetuwuhan saka jinis suket-suketan, grumbul cendhak, lan grumbul cilik. Tuwuhan iki uga nyebar ing Kapuloan Canaria, Afrika Lor lan Wétan, Éropah kidul (kalebu Prancis kidul), Arabia, lan India. Amarga wis ditandur lan dikembangaké ing taman-taman ing saindhenging donya, tuwuhan iki asring tinemu tuwuh alasan ing laladan sanjabané laladan asalé.