dcsimg

Sindur ( Giavanèis )

fornì da wikipedia emerging languages

Sindur duwé jeneng èlmiah Sindora javanica utawa Sindora sumatrana ya iku wit taunan saka kulawarga Leguminosae. Wit iki dhuwuré bisa nganti 35 mèter lan dhiamèter galihé 80 séntimèter. Galihé silindris lan wernané klawu. Godhongé ijo nyirip. Kembangé kasusun ana ing tandhan. Kembang iki wernané putih. Wohé bundher lan ana tlutuhé wit iki pliket.

Biologi lan Ékologi

Kembang saka wit Sindur diprodhuksi ing sasi Mei-Juni. Déné wohé mateng ing sasi Januari-Februari. Tetuwuhan iki tuwuh mawa wiji. Pasebaran wiji direwangi dening bajing. Wit iki tuwuh 500 méter ing sadhuwuring samodra lan akèh ditemoni ing pesisir segara kang masir. Pasebarané ana ing Jawa Kulon lan Jawa tengah.[1]

Piguna

 src=
Gambaran Sindur

Kayun wit Sindur bisa kanggo piranti wangunan, mèbel, lan kagunan liya.

Referènsi

  1. Partomihardjo, Tukirin dkk. (2014). Jenis-Jenis Pohon Penting di Hutan Nusakambangan. Jakarta: LIPI Press bersama dengan Yayasan Obor Indonesia. k. 150. ISBN 978-979-799-804-2.
licensa
cc-by-sa-3.0
drit d'autor
Penulis lan editor Wikipedia

Sindur: Brief Summary ( Giavanèis )