Waru (Hibiscus tiliaceus, suku kapas-kapasan utawa Malvaceae), uga kaloka déning waru laut kaloka dadi wit kangu eyupan ing pinggir dalan utawa ing pinggir kali, galengan utawa ing pasisir. Kamangka ora pati ketel waru disenengi amarga oyote ora jero saéngga ora ngrusak dalan lan wangunan ing saubenge. Waru bisa dibudidayaake kanri cara stek.
Tuwuhan waru asli saka laladan tropis Pasifik kulon nanging sakiki wis kasebar ing kabèh wewengkon Pasifik lan kaloka kanthi manéka warna jeneng: hau (basa Hawaii), purau (basa Tahiti), beach Hibiscus, Tewalpin, Sea Hibiscus, utawa Coastal Cottonwood sajeroning basa Inggris.
Ing Indonésia tuwuhan waru duwé jeneng kaya ta: baru (Gayo, Belitung, Md., Mak., Sumba, Hal.); baru dowongi (Ternate, Tidore); waru (Sd., Jw., Bal., Bug., Flores); haru, halu, faru, fanu (aneka basa ing Maluku); lan liya-liyané.[1]
Wit cilik, dhuwur watara 5–15 m. Sajeroning lemah kang subur urip luwih lurus kanthi tajuk kang luwih sempit dibandingake karo wit kang urip ing lemah garing.[1]
Godhong ana cawange, bender utawa bunder endhog wujud jantung kanthi pinggiran rata, garis tengah nganti 19 cm; balung godhong kaya driji,pérangan ngisor godhong ana rambut klawu rapet. Godhong penumpu bunder endhog dawa, 2,5 cm, duwé tilas wujud cincin ing pucuk cawang.[2]
Kembang ngadek dhéwé utawa sajeroning tandang kang kaisi watara 2–5 kuntum. godhong kelopak tambahan duwé taju 8–11, punjul separone nempel. Kelopake dawane watara 2,5 cm,cangap 5. Makutha wujud kipas, duwé kuku cendhek lan amba, 5–7,5 cm, kuning, jingga, pungkasané semu abang, kanthi warna ungu ing bonggole. Buah kotak wujud endhog.[2]
bisa urip ing kaanan kang garing lan teles. tuwuhan waru urip apik ing laladan kanthi curah udan 800 nganti 2.000 mm. Waru biyasa ditemoni ing pasisir pasisir kang akèh wedhine, alas bakau, uga ing wewengkon riparian.
H. tiliaceus urip alami ing pasisir-pasisir Asia Tenggara, Oceania lan Australia lor lan wétan. Diintroduksi marang Australia barat daya, Afrika pérangan kidul, lanHawaii.
kayu waru bisa digunaake dadi bahan yasan utawa perahu, roda gerobak, gagang perkakas, ukiran, lan kayu bakar. saka kuloit watange, sawisé dikum lan dithuthuki, bisa ngasilaké serat kang ingaran lulup waru. serat iki bisa didadeake tali.[1]
Godhonge bisa didadeake pakan raja-kaya, utawa kang isih enom bisa didadeake janganan. godhong kang diperes bidsa didadeake obat wudun. Godhong enom bisa kanggé penyubur rambut. Yèn digodhog karo gula watu bisa kanggo nyuwerake riak nalika watuk. kuncup godhonge bisa kanggo obat diare kang metu getihe.[1]
Godhonge uga bisa digunaake kanggo mbungkus iwak déning pedhagang ing pasar.
Kembang waru bisa didadeake jam biologi. Kembange mekar ing dina ésuk kanthi makutha warna kuning. ing dina awan wernane malih dadi jingga lan nalika sore malih dadi abang, sadurungé palastra.
Legenda masarakat jawa ya iku kuntilanak seneng wit waru kang miring (waru doyong) kanggo panggonan omahé.
Waru (Hibiscus tiliaceus, suku kapas-kapasan utawa Malvaceae), uga kaloka déning waru laut kaloka dadi wit kangu eyupan ing pinggir dalan utawa ing pinggir kali, galengan utawa ing pasisir. Kamangka ora pati ketel waru disenengi amarga oyote ora jero saéngga ora ngrusak dalan lan wangunan ing saubenge. Waru bisa dibudidayaake kanri cara stek.
Tuwuhan waru asli saka laladan tropis Pasifik kulon nanging sakiki wis kasebar ing kabèh wewengkon Pasifik lan kaloka kanthi manéka warna jeneng: hau (basa Hawaii), purau (basa Tahiti), beach Hibiscus, Tewalpin, Sea Hibiscus, utawa Coastal Cottonwood sajeroning basa Inggris.
Ing Indonésia tuwuhan waru duwé jeneng kaya ta: baru (Gayo, Belitung, Md., Mak., Sumba, Hal.); baru dowongi (Ternate, Tidore); waru (Sd., Jw., Bal., Bug., Flores); haru, halu, faru, fanu (aneka basa ing Maluku); lan liya-liyané.