Timun (Cucumis sativus; suku labu-labunan utawa Cucurbitaceae) ya iku tuwuhan kang ngrambat.[1] Timun lumrahé ditandur ana sawah lan tegalan.[1] Padatan, timun digawé rujak utawa jangan.[1] Ing Indonésia, timun lumrahé digawé acar supaya bisa ngundhakaké nepsu mangan.[2] Timun uga bisa minangka ngedunke tensi.
Godhong timun dawa-dawa.[1] Pangé ana wuluné lan kira-kira dawané ngancik 3 mèter.[1] Kembangé warna kuning. Wangun wohé bunder dawa.[1]
Timun kagolong pala kesimpar, wernané ijo rada putih.[1] Dawané tetuwuhan timun kira-kira 10 nganti 20 mèter.[1] Wijiné timun cacahé akèh.[1]
Manéka jinis timun ya iku timun watang, timun turus, timun suri, lan timun krai utawa biyasa diarani krai.[1]
Timun duwé pirang-pirang kandhungan antarané saponin, protéin, lemak, kalsium, fosfor, dat wesi, welirang, vitamin A, vitamin B1, lan vitamin C.[1] Wiji timun duwé kandhungan vitamin E akèh. Timun kang isih mentah bisa nambani sariawan lan ngundhakaké stamina.[1] Saliyané iku, timun uga duwé kandhungan flavonoida lan polivenol kang bisa nyegah lelara radhang, asem malonat uga ana ing timun.[1] Asam iki bisa ngurangi kadhar gula supaya ora malèh dadi lemak marga yèn dadi lemak bakal gawé lemu.[1] Kandhungan seraté kang dhuwur, bisa nglancaraké bebuwang, mudhunaké kolesterol lan netralaké racun.[1] Timun uga duwé kandhungan kukurbitasin C kang duwé kasiyat bisa ngundhakaké kebaling badan lan nyegah hépatitis.[1]
Timun (Cucumis sativus; suku labu-labunan utawa Cucurbitaceae) ya iku tuwuhan kang ngrambat. Timun lumrahé ditandur ana sawah lan tegalan. Padatan, timun digawé rujak utawa jangan. Ing Indonésia, timun lumrahé digawé acar supaya bisa ngundhakaké nepsu mangan. Timun uga bisa minangka ngedunke tensi.