dcsimg

Manuk pitikan ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Manuk pitikan (Gallicrex cinerea) ya iku manuk rawa saka kulawarga Rallidae, lan siji-sijiné spésiès saka génus Gallicrex.

Papan uripé ana ing rawa Asia Kidul, Kidul wétan nganti wétan, antarané ing Pakistan, India, Sri Lanka, Indonésia, Filipina, Cina nganti Jepang.

Awak manuk pitikan kalebu gèpèng, kanggo nggampangaké nlusup ing selané tuwuhan lan sesuketan rawa. Susuhé ing lemah, ing selan tuwuhan kanthi endhog cacah 3-6. Drijiné dawa lan buntuté cindhak.

Manuk lanang dawané watara 43 cm lan boboté 476-650gr[2].Déné manuk wadon luwih cilik. Dawané 36 cm lan boboté 298-434 gr. Manuk pitikan golèk pangan ana banarawa kang cethek, kanthi nyucuk kéwan-kéwan cilik ing banyu kaya ta kéwan gegremetan, iwak cilik, lan wewijèn. Manuk pitikan kalebu kéwan kang waspada, kang age-age mlayu ndhelik menawa ana bebaya. Ing wayah subuh lan surup manuk pitikan biasane manggung kanthi swara kang sero

Rujukan

  1. BirdLife International (2012). "Gallicrex cinerea". IUCN Red List of Threatened Species. Version 2013.2. International Union for Conservation of Nature. Dijupuk 26 November 2013.
  2. CRC Handbook of Avian Body Masses by John B. Dunning Jr. (Editor). CRC Press (1992), ISBN 978-0-8493-4258-5.
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Manuk pitikan: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Manuk pitikan (Gallicrex cinerea) ya iku manuk rawa saka kulawarga Rallidae, lan siji-sijiné spésiès saka génus Gallicrex.

Papan uripé ana ing rawa Asia Kidul, Kidul wétan nganti wétan, antarané ing Pakistan, India, Sri Lanka, Indonésia, Filipina, Cina nganti Jepang.

Awak manuk pitikan kalebu gèpèng, kanggo nggampangaké nlusup ing selané tuwuhan lan sesuketan rawa. Susuhé ing lemah, ing selan tuwuhan kanthi endhog cacah 3-6. Drijiné dawa lan buntuté cindhak.

Manuk lanang dawané watara 43 cm lan boboté 476-650gr.Déné manuk wadon luwih cilik. Dawané 36 cm lan boboté 298-434 gr. Manuk pitikan golèk pangan ana banarawa kang cethek, kanthi nyucuk kéwan-kéwan cilik ing banyu kaya ta kéwan gegremetan, iwak cilik, lan wewijèn. Manuk pitikan kalebu kéwan kang waspada, kang age-age mlayu ndhelik menawa ana bebaya. Ing wayah subuh lan surup manuk pitikan biasane manggung kanthi swara kang sero

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia