dcsimg

Kéwan gegremetan ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Kéwan gegremetan utawa gegremet utawa insecta (basa Indonésia: serangga) iku bangsané kéwan mawa ros-ros (Arthropoda) sing sikilé enem, mula uga diarani Hexapoda (sikil enem). Kéwan gegremetan bisa tinemu ing mèh kabèh kukuban, kajaba ing segara. Èlmu sing nyinaoni uripé kéwan iki ya iku éntomologi.

Ana punjul 800.000 spésies insecta sing wis ditemoaké. Cacah 5.000 spésies abangsa semprang (Odonata), cacah 20.000 spésies abangsa walang (Orthoptera), cacah 170.000 spésies abangsa kupu lan ngengat (Lepidoptera), cacah 120.000 spésies abangsa laler (Diptera), cacah 82.000 spésies abangsa kepik (Hemiptera), cacah 360.000 spésies abangsa kumbang (Coleoptera), lan cacah 110.000 spésies abangsa semut lan tawon (Hymenoptera).

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia