dcsimg

Jamur tiram ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Jamur tiram (Pleurotus ostreatus) punika salah setunggaling jamur pangan saking golongan Basidiomycota.[1] Jamur tiram kalebet kelas Homobasidiomycetes.[1] Jamur tiram gadhah ciri-ciri umum wohipun awarni pethak nganti krèm saha tudhungipun gadhah wangun kados setengah bunderan mèmper cangkok tiram kanthi pérangan tengah radi cekung.[1] Jamur tiram taksih gadhah kerabat kaliyan Pleurotus eryngii saha asring dipunwastani kanthi nami King Oyster Mushroom.[1]

Jamur tiram gadhah tudhung ingkang saged owah werninipun.[1] Saged awarni cemeng, klawu, coklat, ngantos pethak.[1] Pérangan njawinipun alus saha lunyu kanthi dhiameter 5–20 cm, Pérangan pinggir tudhung mulus saha gadhah lekukan sakedhik-sakedhik.[1] Jamur tiram gadhah spora kanthi wangun batang saha gadhah ukuran 8-11×3-4μm.[1] Miselium ingkang wonten ing jamur tiram awerni pethak saha saged tuwuh kanthi rikat.[1]

Wonten ing alam bébas, jamur tiram saged dipuntingali saben taun wonten ing wana pagunungan ingkang nggadhahai hawa ingkang sejuk.[1] Woh jamur tiram katingal tumpuk-tumpukan wonten ing sanjawinipun wit kang sampun kropos utawi pokok batang tetaneman ingkang sampun dipuntegor.[1]

Pambudidayan jamur tiram limrahipun kanthi medhia tanem bledhegan utawi serbuk graji.[1]

Kajawi saged dipun-ginakaken kanggé campuran masakan, jamur tiram kalebet bahan baken obat statin.[1] Jamur tiram saged mejahi saha nyerna nematoda ingkang tujuwanipun supados pikantuk nitrogen.[1]

Jamur tiram kathah jinisipun ingggih punika tiram pethak, tiram coklat, tiram abrit.[2]

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k l m n naturindonesia.com(dipunundhuh tanggal 16 September 2011)
  2. asimas.co.id(dipunundhuh tanggal 16 September 2011)
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Jamur tiram: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Jamur tiram (Pleurotus ostreatus) punika salah setunggaling jamur pangan saking golongan Basidiomycota. Jamur tiram kalebet kelas Homobasidiomycetes. Jamur tiram gadhah ciri-ciri umum wohipun awarni pethak nganti krèm saha tudhungipun gadhah wangun kados setengah bunderan mèmper cangkok tiram kanthi pérangan tengah radi cekung. Jamur tiram taksih gadhah kerabat kaliyan Pleurotus eryngii saha asring dipunwastani kanthi nami King Oyster Mushroom.

Jamur tiram gadhah tudhung ingkang saged owah werninipun. Saged awarni cemeng, klawu, coklat, ngantos pethak. Pérangan njawinipun alus saha lunyu kanthi dhiameter 5–20 cm, Pérangan pinggir tudhung mulus saha gadhah lekukan sakedhik-sakedhik. Jamur tiram gadhah spora kanthi wangun batang saha gadhah ukuran 8-11×3-4μm. Miselium ingkang wonten ing jamur tiram awerni pethak saha saged tuwuh kanthi rikat.

Wonten ing alam bébas, jamur tiram saged dipuntingali saben taun wonten ing wana pagunungan ingkang nggadhahai hawa ingkang sejuk. Woh jamur tiram katingal tumpuk-tumpukan wonten ing sanjawinipun wit kang sampun kropos utawi pokok batang tetaneman ingkang sampun dipuntegor.

Pambudidayan jamur tiram limrahipun kanthi medhia tanem bledhegan utawi serbuk graji.

Kajawi saged dipun-ginakaken kanggé campuran masakan, jamur tiram kalebet bahan baken obat statin. Jamur tiram saged mejahi saha nyerna nematoda ingkang tujuwanipun supados pikantuk nitrogen.

Jamur tiram kathah jinisipun ingggih punika tiram pethak, tiram coklat, tiram abrit.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia