Diospyros iku jeneng marga kayu eboni utawa kayu ireng. Anggotané ing saindhenging donya nganti watara 450-500 spésies wit lan perdu sing mesthi ijo utawa sapérangan ana uga sing ngguguraké godhong. Akèh-akèhé tetuwuhan iki asalé saka tlatah tropis, lan mung sapérangan spésies sing tuwuh ing tlatah mawa iklim sedheng.
Marga iki nyakup akèh spésies sing duwé pangaji komersial, ya iku wohé sing bisa dipangan (contoné kesemek utawa bisbul), nanging mligi dijupuk kayuné sing duwé kualitas dhuwur. Kayu teras (ati kayu) lumrahé atos lan wernané ireng thuntheng, saéngga ing akèh tlatah ing Indonésia dijenengi minangka kayu areng. Loro ing antarané sing paling misuwur ya iku kayu eboni ireng (D. ebenum, lan sapérangan spésies liyané) lan kayu eboni mawa garis alias kayu-ireng Sulawesi (D. celebica).
Diospyros asalé saka rong tembung basa Gerika: deion sing tegesé déwa lan puros, woh. Tegesé, woh para déwa, ngrujuk marang woh jinis Diospyros tinentu sing duwé rasa istiméwa (pirsani katrangan ing ngisor).
Wit, perdu utawa semak, lumrahé dioesis (dioecious, omah loro) lan sok-sok monoesis, kanthi pacabangan monopodial, sarta lumrahé tanpa banir (oyot papan). Kulit batang ireng utawa semu ireng ing njaba, atos lan rada rapuh, kanthi lumah retak-retak, mawa alur utawa malah mecah, arang lunyu/alus; ing pérangan njero wernané pucet. Pepagan lan kayu gubal asring malih kuning yèn kena udara, saéngga bisa mbantu idhèntifikasi. Kayu teras warnané ireng, utawa ireng mawa belang jambon utawa coklat pucet, utawa coklat peteng semu ireng.
Tanpa godhong panumpu (stipule). Godhong tunggal, mawa pinggiran rata, mapan selang-seling (alternate) sajeroning rong dhérétan, balungan nyirip, asring mawa bintik-bintik klanjer sing kasebar arang ing lembaran godhongé. Balung godhong utama asring mlekuk dadi alur ing tengah godhong.
Tuwuhing kembang sajeroning malai ing kèlèk, sok-sok kauliflori utawa ramiflori, sing wadon kerep karéduksi dadi kembang tunggal. Kembang mawa kelamin siji, sok-sok ana uga sing mawa kelamin gandha, mawa wilangan 3-5 (arang 8). Kelopak kembang netep (ora rontok), saya gedhé lan asring saya atos mengkoné, nutupi pangkal woh. Makutha kembang manunggal ing pangkal, mbentuk tabung cendhak. Woh asring ndaging, sing sok-sok ngandhut racun, nyungkup 1-16 butir wiji sing kurang luwih sarupa baji lan kasusun konsentris.
Sapérangan jinisé, minangka conto:
Sapérangan jinis Diospyros saka Asia Kidul-Wétan wis dilebokaké sajeroning dhaftar abang IUCN (IUCN Red List of Endangered Flora and Fauna) amarga kaancam cures.