dcsimg
Image de (Stylochus) pilidium
Life » » Animaux »

Plathelminthes

Platyhelminthes

Platyhelminthes ( javanais )

fourni par wikipedia emerging languages

Platyhelminthes ya iku filum ing Karajan Animalia (kéwan).[1] Filum iki nyakup kabèh cacing pipih kejaba Nemertinea, kang biyèn minangka salah siji kelas Platyhelminthes, kang wis kapisah.[1]

Ciri-ciri

Awake pipih dosoventral lan ora duwé segmen.[2] Lumrahé, golongan cacing pipih urip ing kali, tlaga, segara, utawa minangka parasit ing jero organisme liyané.[2]. Cacing golongan iki sensitif banget karo cahya.[2] tuladhané Platyhelminthes ya iku Planaria kang kerep tinemu ing ngisor watu (dawane 2–3 cm), Bipalium kang urip ing ngisor lumut lembab (kira-kira dawane 60 cm), Clonorchis sinensis, cacing ati, lan cacing pita.[2]

Struktur lan fungsi awak

Platyhelminthes minangka cacing kang kagolong triploblastik aselomata amarga duwé 3 lapisan embrional kang kasusun saka ektoderma, endoderma, lan mesoderma.[3] Nanging mesoderma cacing iki ora ngalami spesialisasi mula sel-selnya tetep seragam lan ora mbentuk sel kusus.[3]

Sistem pencernaan

Sistem pencernaan cacing pipih diarani sistem gastrovaskuler.[3] Ing kono peredaran panganan ora lumantar getih nanging lumantar usus.[3] Sistem pencernaan cacing pipih dimulai saka cangkem, faring, lan dterusake ing krongkongan.[3] Ing mburi krongkongan iki ana usus kang duwé cabang ing sakojur awak.[3] mula saliyané selain nyerna panganan, usus ga ngedarake panganan tekan sakojur awak.[3]

Cathetan suku

  1. a b Torsten H. Struck, Frauke Fisse (2008). "Phylogenetic position of Nemertea derived from phylogenomic data". Molecular Biology and Evolution. doi:10.1093/molbev/msn019.
  2. a b c (Inggris)Marty Snyderman, Clay Wiseman (1996). Guide to marine life: Caribbean, Bahamas, Florida. Aqua Quest Publications, Inc.. ISBN 978-1-881652-06-9. Hal.83-87
  3. a b c d e f g (Inggris)Wojciech Pisula (2009). Curiosity and Information Seeking in Animal and Human Behavior. Brown Walker Press. ISBN 978-1-59942-498-9. Hal.37-41
licence
cc-by-sa-3.0
droit d’auteur
Penulis lan editor Wikipedia

Platyhelminthes: Brief Summary ( javanais )

fourni par wikipedia emerging languages

Platyhelminthes ya iku filum ing Karajan Animalia (kéwan). Filum iki nyakup kabèh cacing pipih kejaba Nemertinea, kang biyèn minangka salah siji kelas Platyhelminthes, kang wis kapisah.

licence
cc-by-sa-3.0
droit d’auteur
Penulis lan editor Wikipedia