dcsimg

Lempeni ( Jaava )

tarjonnut wikipedia emerging languages

Lempeni, rempeni utawa Ardisia elliptica kalebu tuwuhan kang tansah ijo. Tuwuhan ikiumebar ing India, Sri Lanka, Indocina, Malaysia, Indonesia lan Papua Nugini.

Tuwuhan iki bisa duwé dhuwur nganti 5 mèter, urip ana lemah kang teles lan ayom, duwé woh ndhompol warna ijo semu klawu nalika mentah lan abang-ungu tuwa nalika wis tuwa.

Tuwuhan iki wiwit awoh nalika umur 2-4 taun.

Pigunan

Woh lempeni kang isih mentah biyasa digunakaké dadi mimis bedhil-bedhilan kanggone bocah karang padésan. Godhonge bisa kanggo jamu tamba lara kanker.

lisenssi
cc-by-sa-3.0
tekijänoikeus
Penulis lan editor Wikipedia
alkuperäinen
käy lähteessä
kumppanisivusto
wikipedia emerging languages