dcsimg

Jamur kuping abang ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Jamur kuping abrit utawi mawi basa Jawi ngoko jamur kuping abang (Auricularia auricula-judae, sinonim Auricularia auricula, Hirneola auricula-judae) punika salah setunggaling spésies saking kelas Heterobasidiomycetes (jelly fungi).[1] Jamur kuping abrit punika gadhah werni coklat tuwa radi abrit.[1] Jamur kuping abrit punika gadhah wangun ingkang mèmper kados talinganipun manungsa.[1] Jamur kuping abrit gadhah tekstur ingkang kenyal.[1] Habitat jamur kuping abrit punika wonten alam bébas mliginipun tuwuh wonten ing wit-witan ingkang sampun pejah ingkang teles saha lembab.[1]

Jamur kuping abrit limrahipun dipunsadé kanthi wangun ingkang sampun garing.[1] Manawi badhé dipunmasak jamur kuping abrit ingkang garing punika kedah dipunkum rumiyin wonten ing toya.[1] Jamur kuping abrit punika limrahipun dipun-ginakaken kanggé masakan-masakan Asia.[1]

Nalika jaman rumiyin, jamur kuping abrit gesang ing papan saenggèn-enggèn, nanging sapunika, jamur kuping abrit sampun kathah ingkang dipunbudidayakaken.[2] Jamur kuping abrit punika dipunbudidayakaken wonten ing griya kanthi suhu kirang langkung 24-36 drajat Celsius.[2] Jamur kuping abrit kalebet taneman ingkang aleman saha sènsitif.[2] Manawi suhunipun langkung panas utawi langkung asrep, jamur kuping abrit punika boten saged tuwuh kanthi sampurna, malah-malah saged pejah.[2] Boten sembarang tiyang saged manèn jamur kuping abrit, kedahipun tiyang ingkang sampun trampil.[2]

Miturut èlmu pangobatan tradhisional Cina, jamur kuping abrit gadhah kaginan kanggé jampi lelara.[2]

Galeri

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h naturindonesia.com(dipunundhuh tanggal 16 September 2011)
  2. a b c d e f berita.liputan6.com(dipunundhuh tanggal 16 September 2011)
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Jamur kuping abang: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Jamur kuping abrit utawi mawi basa Jawi ngoko jamur kuping abang (Auricularia auricula-judae, sinonim Auricularia auricula, Hirneola auricula-judae) punika salah setunggaling spésies saking kelas Heterobasidiomycetes (jelly fungi). Jamur kuping abrit punika gadhah werni coklat tuwa radi abrit. Jamur kuping abrit punika gadhah wangun ingkang mèmper kados talinganipun manungsa. Jamur kuping abrit gadhah tekstur ingkang kenyal. Habitat jamur kuping abrit punika wonten alam bébas mliginipun tuwuh wonten ing wit-witan ingkang sampun pejah ingkang teles saha lembab.

Jamur kuping abrit limrahipun dipunsadé kanthi wangun ingkang sampun garing. Manawi badhé dipunmasak jamur kuping abrit ingkang garing punika kedah dipunkum rumiyin wonten ing toya. Jamur kuping abrit punika limrahipun dipun-ginakaken kanggé masakan-masakan Asia.

Nalika jaman rumiyin, jamur kuping abrit gesang ing papan saenggèn-enggèn, nanging sapunika, jamur kuping abrit sampun kathah ingkang dipunbudidayakaken. Jamur kuping abrit punika dipunbudidayakaken wonten ing griya kanthi suhu kirang langkung 24-36 drajat Celsius. Jamur kuping abrit kalebet taneman ingkang aleman saha sènsitif. Manawi suhunipun langkung panas utawi langkung asrep, jamur kuping abrit punika boten saged tuwuh kanthi sampurna, malah-malah saged pejah. Boten sembarang tiyang saged manèn jamur kuping abrit, kedahipun tiyang ingkang sampun trampil.

Miturut èlmu pangobatan tradhisional Cina, jamur kuping abrit gadhah kaginan kanggé jampi lelara.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia