dcsimg

Oleaceae ( Cava dili )

wikipedia emerging languages tarafından sağlandı

Suku mlathi-mlathian utawa Oleaceae iku suku tetuwuhan sing kapérang saka 24 marga lan watara 600 spésies tuwuhan.

Sapérangan ciri saka suku Oleaceae:

  • tuwuh minangka perdu utawa wit-witan sarta duwé kembang wangun lonceng
  • godhong tunggal utawa nyirip, lungguh adhep-adhepan utawa mawa karang, tanpa godhong panumpu
  • kembang banci utawa kelaminé tunggal
  • bakal woh numpang
  • wohé woh kendaga sing pecah kanthi nyigar ruang, sok-sok wujud woh buni utawa woh watu
  • wiji racaké duwé endosperma.
lisans
cc-by-sa-3.0
telif hakkı
Penulis lan editor Wikipedia