dcsimg

Kumbang ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Kumbang sijining kelompok jinis saka gegremet, kang ing babagan elmiyah karan ordho Coleoptera kang tegesé nduwèni suwiwi lelapisan. Cacahé jinis kumbang kira-kira 40% saka kabèh jinis gegremet.

Kumbang bisa tinemu ing saindenging donya, kajaba ing laladan kutub lan segara. Saka cacah jinisé kang akèh, kumbang uga nduwèni manéka warna tingkah, wujud, ukuran, panganan lan papan urip. Ana kang mangani tetuwuhan, jamur, kéwan liya, kéwan lan tuwuhan kang wis mati, lsp. Pira-pira jinis kumbang uga dadi ama kanggo tuwuhan wong tani.

Conto sepèsiyès kumbang :

  • Sonthé kang nduwèni lèng ana ing lemah
  • Kutis kang mangan tai kéwan
  • Wereng kang dadi ama
  • Kwawung kang gawé bolongan ing kayu
 src=
Larva kumbang ana sajeroning kayu
 src=
Kutis ngglundhungaké tai kang bunder kaya bal
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia