dcsimg

Gandarusa ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Gandarusa,godhong rusa, utawa kisi-kisi, utawa trus (Justicia gendarussa Burm.f.) iku semak tropis kang biyasa tinemu ing kebon, urip dhéwé utawa dadi pager hidhup.[1] Gandarusa kalebu kulawarga Acanthaceae. Wujudé gandarusa ya iku wite tegak cilik, semak, lan ana pange. Tuwuhan iki gampang thukul lan ditandur kanthi cara stek. Jeneng liya saka gandarusa ya iku gandarusa (Melayu), besi-besi (Acèh), handarusa (Sunda), ghandharusa (Madura), puli (Ternate).[2]

Kandhungan kimia kang ana ing gandarusa ya iku justicin, lenga atsiri, kalium, lan alkaloid kang rada ana racune. Gandarusa rasané pedhes lan rada kecut. Gandarusa bisa dienggo nambani rematik ing sendi, lara memar, patah tulang, lan keseleo. Bisa uga gandarusa dienggo minangka antirematik lan bisa kanggo nglancarake peredaran dharah. Tuwuhan iki dilaporake bisa dienggo minangka piranti kontrasepsi kanggo pirang-pirang pendhuhuk lokal lanang ing Pulau Papua. Asil paneliten ing Unair nguduhake efek kang neken kadar testosteron ing mencit lewat kadar polifenol tartamtu (durung dingerteni mesthine) kang mudhunake aktivitas enzim hialuronidase ing spermatozoa nganti sel sperma ora bisa nembus témbok sel telur.[3]

Cathetan sikil

  1. www.archive.org pharmacographica indica
  2. Wijayakusuma, Hembing. 2006. Resep Alami dari Pakar Herbal Atasi Asam Urat dan Rematik ala Hembing. Jakarta: Puspa Swara. ISBN 979-24-4807-1
  3. www.gatra.com (kaundhuh tanggal 2 Agustus 2011)
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Gandarusa: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Gandarusa,godhong rusa, utawa kisi-kisi, utawa trus (Justicia gendarussa Burm.f.) iku semak tropis kang biyasa tinemu ing kebon, urip dhéwé utawa dadi pager hidhup. Gandarusa kalebu kulawarga Acanthaceae. Wujudé gandarusa ya iku wite tegak cilik, semak, lan ana pange. Tuwuhan iki gampang thukul lan ditandur kanthi cara stek. Jeneng liya saka gandarusa ya iku gandarusa (Melayu), besi-besi (Acèh), handarusa (Sunda), ghandharusa (Madura), puli (Ternate).

Kandhungan kimia kang ana ing gandarusa ya iku justicin, lenga atsiri, kalium, lan alkaloid kang rada ana racune. Gandarusa rasané pedhes lan rada kecut. Gandarusa bisa dienggo nambani rematik ing sendi, lara memar, patah tulang, lan keseleo. Bisa uga gandarusa dienggo minangka antirematik lan bisa kanggo nglancarake peredaran dharah. Tuwuhan iki dilaporake bisa dienggo minangka piranti kontrasepsi kanggo pirang-pirang pendhuhuk lokal lanang ing Pulau Papua. Asil paneliten ing Unair nguduhake efek kang neken kadar testosteron ing mencit lewat kadar polifenol tartamtu (durung dingerteni mesthine) kang mudhunake aktivitas enzim hialuronidase ing spermatozoa nganti sel sperma ora bisa nembus témbok sel telur.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia