dcsimg

Dhadhap srep ( јавански )

добавил wikipedia emerging languages
 src=
Dhadhap tuwug ing alas

Dhadhap srep iku salah sawijing kang kalebu ing suku Papilionaceae.[1] Wit dhadhap srep iki rada gedhè kanthi dhuwuré bisa 22 mèter. Pang wité lunyu kang wernané ijo pucet. Godhongé sang saya gedhé tumuju pucukan. Kadang kala, bisa uga awujud bunder kanthi pucukan lincip. Wit dhadhap srep kembangé mekar ing mangsa rendheng, sajeroning sasi Oktober nganti Dhésèmber. Akèh-akèhé, wit iki tuwuh ing alas-alas dhuwur, antarané jarak 300-1500 mèter dhuwuré saka segara. Sanajan ora lumrah ditandur wong ing ngomah, nanging godhong dhadhap duwèni khasiat kang akèh kanggo manungsa. Kaya déné, kulit pang kang isih enom bisa kanggo tamba masuk angin lan lara panas. Yèn, banyu kang metu saka pangé bisa kanggo ngresiki mripat. Ora mung kuwi, godhongé uga bisa kanggo ngurangi lara sabubaré haid wong wadon. Sabanjure, bisa kanggo nambah banyu ASI sawisé nglairaké.

Cathetan suku

  1. Hassan Sadhily. Ensiklopedi Indonesia. Jakarta: Ichtiar Baru-Van Hoeve. k. 734.
лиценца
cc-by-sa-3.0
авторски права
Penulis lan editor Wikipedia
изворно
посети извор
соработничко мреж. место
wikipedia emerging languages

Dhadhap srep: Brief Summary ( јавански )

добавил wikipedia emerging languages
 src= Dhadhap tuwug ing alas

Dhadhap srep iku salah sawijing kang kalebu ing suku Papilionaceae. Wit dhadhap srep iki rada gedhè kanthi dhuwuré bisa 22 mèter. Pang wité lunyu kang wernané ijo pucet. Godhongé sang saya gedhé tumuju pucukan. Kadang kala, bisa uga awujud bunder kanthi pucukan lincip. Wit dhadhap srep kembangé mekar ing mangsa rendheng, sajeroning sasi Oktober nganti Dhésèmber. Akèh-akèhé, wit iki tuwuh ing alas-alas dhuwur, antarané jarak 300-1500 mèter dhuwuré saka segara. Sanajan ora lumrah ditandur wong ing ngomah, nanging godhong dhadhap duwèni khasiat kang akèh kanggo manungsa. Kaya déné, kulit pang kang isih enom bisa kanggo tamba masuk angin lan lara panas. Yèn, banyu kang metu saka pangé bisa kanggo ngresiki mripat. Ora mung kuwi, godhongé uga bisa kanggo ngurangi lara sabubaré haid wong wadon. Sabanjure, bisa kanggo nambah banyu ASI sawisé nglairaké.

лиценца
cc-by-sa-3.0
авторски права
Penulis lan editor Wikipedia
изворно
посети извор
соработничко мреж. место
wikipedia emerging languages