Nepenthes hirsuta (utawi Kantong semar Kalimantan (ꦏꦤ꧀ꦠꦺꦴꦁ ꦱꦼꦩꦂ ꦏꦭꦶꦩꦤ꧀ꦠꦤ꧀)) yaiku spesies kantong semar endemik saka pulo Kalimantan. Spesies iki saged ditemukake ning bagian kulon lan lor pulo Kalimantan, kang artine termasuk ning sajerone wilayah Indonesia, Malaysia, lan Brunei.[1][3] Ning Indonesia dhewek tuwuhan iki saged ditemukake ning wilayah Barito Ulu, lan ning tempat-tempat alas udan kados kedhuwurane babagan 400 meter ning sedhuwure segara. Tuwuhan kang ditemokake ning tempat iki dhuwe 3 variasi werna kantong, yaiku lurik abang, abang polos lan putih polos.[4]
Tuwuhan kantong semar kalimantan dhuwe ciri khusus yaiku, wujud kantonge kaya kendhi rada ramping ning bagian tengahe, werna ijo enom; godhong werna ijo, rada kandhel, wujude oval utawi melanset, rada lancip ning arah pucuk godhong utawi ning arah pucuk sor, wonten wulu-wulu rada alus ning bagian sor sewalike godhonge; wujud wiwite silinder, werna soklat lan ana wulu-wulu sing alus.[4]
Adam, Jumaat Haji; Wilcock, C.C.; Swaine, M.D. (1992). "The Ecology and Distribution of Bornean "Nepenthes"". Journal of Tropical Forest Science (Forest Research Institute Malaysia) 5 (1): 13-21.
Cheek, Martin; Jebb, Matthew (1999). "Nepenthes (Nepenthaceae) in Palawan, Philippines". Kew Bulletin (JSTOR) 54 (4): 887-895. ISSN 0075-5974. doi:10.2307/4111166.
Cheek, Martin; Jebb, Matthew (6 Dec 2013). "The Nepenthes micramphora (Nepenthaceae) group, with two new species from Mindanao, Philippines". Phytotaxa (Magnolia Press) 151 (1): 25. ISSN 1179-3163. doi:10.11646/phytotaxa.151.1.2.
Clarke, C.M (2018), Nepenthes hirsuta, IUCN, doi:10.2305/iucn.uk.2018-1.rlts.T39665A143960697.en
Damayanti, Fitri; Roostika, Ika; Mansur, Muhammad (2015). "Kajian Morfologi, Sitologi, dan Struktur Anatomi Daun Nepenthes spp. asal Kalimantan Barat". Bioedukasi: Jurnal Pendidikan Biologi (Universitas Sebelas Maret) 8 (2): 5-11. ISSN 2549-0605. doi:10.20961/bioedukasi-uns.v8i2.3862.
Nepenthes hirsuta (utawi Kantong semar Kalimantan (ꦏꦤ꧀ꦠꦺꦴꦁ ꦱꦼꦩꦂ ꦏꦭꦶꦩꦤ꧀ꦠꦤ꧀)) yaiku spesies kantong semar endemik saka pulo Kalimantan. Spesies iki saged ditemukake ning bagian kulon lan lor pulo Kalimantan, kang artine termasuk ning sajerone wilayah Indonesia, Malaysia, lan Brunei. Ning Indonesia dhewek tuwuhan iki saged ditemukake ning wilayah Barito Ulu, lan ning tempat-tempat alas udan kados kedhuwurane babagan 400 meter ning sedhuwure segara. Tuwuhan kang ditemokake ning tempat iki dhuwe 3 variasi werna kantong, yaiku lurik abang, abang polos lan putih polos.