dcsimg

Sawo ( јавански )

добавил wikipedia emerging languages

Sawo (Manilkara zapota) iku woh-wohan ijo langgeng sing umuré dawa. Sawo uga bisa diarani neesbery|neesbery utawa sapodilas|sapodilas[1]. Wit sawo akèh ditandur ing Nagara India, Sri Lanka, Filipina, Meksiko, Venezuela, Guatemala, lan Amérika Tengah. Ing Indonésia, lumrahé sawo didadékaké tuwuhan pekarangan kang bisa didhahar wohé, mligi ing laladan Sumatra Kulon,Jakarta,Jawa Kulon, Jawa Tengah,Jawa Wétan, lan Nusa Tenggara Kulon[2]. Wiji sawo dhapuré ireng utawa soklat semu ireng, gepeng tur gedhé. Jaman biyèn wiji sawo bisa kanggo dolanan dakon.[2] Wiji sawo ngandhut saponin, kuersetin, lenga 23 persèn.[2] 100 gram sawo ngandhut ènergi 120 kkal, magnesium 12 mg, selenium 0,6 mg, protéin 0,5 gram, kalsium 25 mg, fosfor 12 mg, besi 1 mg, retinol 18 mg lan asem askrobat 21 mg.[2][3]

Jenengé ing manéka basa antaran liya sauh utawa sauh manila, utawa ciku (Mly.), chico (Filipina), chikoo utawa sapota (India), sofeda (Bangladesh), xa pô chê utawa hồng xiêm (Vietnam), rata-mi (Sri Lanka), lamoot (ละมุด) ing Thailand, Laos lan Kamboja, níspero (Venezuela), sugardilly (Kep. Bahama), naseberry (Hindia Kulon), sapote (Nicaragua), sapoti (Brazil), sapotillier (basa Prancis) lan sapodilla (basa Inggris).

Mupangat

Wit sawo duwé manpangat ya iku kanggo bahan pangan olahan kaya ta ès krim, selai, sirup utawa difermentasi dadi anggur lan cuka.[1] Saliyané iku wit sawo uga bisa kanggo:

  • Tuwuhan penghijauan ing lahan kang kritis lan garing
  • Tuwuhan hias ing pot lan kanggo apotik hidup
  • Tuwuhan penghasil woh kang akèh giziné.
  • Tuwuhan kang bisa ngasilaké getah kanggo bahan baku indhustri permen karèt
  • Tuwuhan kang bisa ngasilaké kayu kang apik kanggo perabotan omah

Sawo duwé kasiyat akèh kaya ta getih lan godhongé bisa kanggo obat diaré, lara panas, obat borok, ramuan rempah kanggo wong wadon sing lagi nglairké.[3][4]

Pirsanana uga

лиценца
cc-by-sa-3.0
авторски права
Penulis lan editor Wikipedia
изворно
посети извор
соработничко мреж. место
wikipedia emerging languages

Sawo: Brief Summary ( јавански )

добавил wikipedia emerging languages

Sawo (Manilkara zapota) iku woh-wohan ijo langgeng sing umuré dawa. Sawo uga bisa diarani neesbery|neesbery utawa sapodilas|sapodilas. Wit sawo akèh ditandur ing Nagara India, Sri Lanka, Filipina, Meksiko, Venezuela, Guatemala, lan Amérika Tengah. Ing Indonésia, lumrahé sawo didadékaké tuwuhan pekarangan kang bisa didhahar wohé, mligi ing laladan Sumatra Kulon,Jakarta,Jawa Kulon, Jawa Tengah,Jawa Wétan, lan Nusa Tenggara Kulon. Wiji sawo dhapuré ireng utawa soklat semu ireng, gepeng tur gedhé. Jaman biyèn wiji sawo bisa kanggo dolanan dakon. Wiji sawo ngandhut saponin, kuersetin, lenga 23 persèn. 100 gram sawo ngandhut ènergi 120 kkal, magnesium 12 mg, selenium 0,6 mg, protéin 0,5 gram, kalsium 25 mg, fosfor 12 mg, besi 1 mg, retinol 18 mg lan asem askrobat 21 mg.

Jenengé ing manéka basa antaran liya sauh utawa sauh manila, utawa ciku (Mly.), chico (Filipina), chikoo utawa sapota (India), sofeda (Bangladesh), xa pô chê utawa hồng xiêm (Vietnam), rata-mi (Sri Lanka), lamoot (ละมุด) ing Thailand, Laos lan Kamboja, níspero (Venezuela), sugardilly (Kep. Bahama), naseberry (Hindia Kulon), sapote (Nicaragua), sapoti (Brazil), sapotillier (basa Prancis) lan sapodilla (basa Inggris).

лиценца
cc-by-sa-3.0
авторски права
Penulis lan editor Wikipedia
изворно
посети извор
соработничко мреж. место
wikipedia emerging languages