dcsimg

Suji ( јавански )

добавил wikipedia emerging languages

Suji ya iku salah siji jinis tuwuhan sing godhongé bisa digawé pewarna ijo alami kanggo masakan, jajanan tradhisional lan ombèn-ombèn. Tuwuhan godhong suji kalebu tuwuhan perdu sing dhuwuré bisa nganti 8 mèter. Wujud godhongé dawa lan kasusun mubeng, tuwuhan iki sapisan-pisan ngembang. Tuwuhan godhong suji uga minangka tuwuhan hias amarga kaéndahan wujud godhongé.[1]

Kandhutan kimia lan èfèk farmakologi

Tuwuhan godhong suji duwé rasa sing ora pait, ambuné wangi, lan sipaté adem. Kandhutan kimia sing ana ing njero godhong suji antarané saponin lan flavonoid. Èfèk farmakologis oyot tuwuhan godhong suji antarané nyeri lambung lan penawar racun, minangka godhongé kanggo anti inflamasi sarta anti disentri.[2]

Cara nandur lan ngrawat

Cara nandur tuwuhan godhong suji bisa dilakoni kanthi cara stek, winih, cangkok, lan okulasi. Nanging asil sing paling apik ya iku kanthi okulasi. Tuwuhan godhong suji dirawat kanthi disiram nganggo banyu sing cukup, dijaga kalembaban lemahé, lan di pupuk nganggo pupuk organik. Tuwuhan iki butuh panggonan sing rada adoh saka panas srengéngé.[2]

Pérangan tuwuhan suji kang bisa digunakaké lan dimanfaatake

Pérangan godhong, oyot, lan watang bisa dimanfaataké kanggo nambani lelara, kaya ta: disentri, beri-beri, kencing nanah, nyeri lambung, nyeri menstruasi, lan penawar racun.[2]

Cathetan sikil

лиценца
cc-by-sa-3.0
авторски права
Penulis lan editor Wikipedia
изворно
посети извор
соработничко мреж. место
wikipedia emerging languages

Suji: Brief Summary ( јавански )

добавил wikipedia emerging languages

Suji ya iku salah siji jinis tuwuhan sing godhongé bisa digawé pewarna ijo alami kanggo masakan, jajanan tradhisional lan ombèn-ombèn. Tuwuhan godhong suji kalebu tuwuhan perdu sing dhuwuré bisa nganti 8 mèter. Wujud godhongé dawa lan kasusun mubeng, tuwuhan iki sapisan-pisan ngembang. Tuwuhan godhong suji uga minangka tuwuhan hias amarga kaéndahan wujud godhongé.

лиценца
cc-by-sa-3.0
авторски права
Penulis lan editor Wikipedia
изворно
посети извор
соработничко мреж. место
wikipedia emerging languages