dcsimg

Pèthèk ( javanais )

fourni par wikipedia emerging languages

Iwak pèthèk (Leiognathus equulus) ya iku iwak segara saka Afrika Wétan tekan Fiji, sajeroning Samudra Hindia, Samudra Pasifik iring kulon. Segara Abang lan Teluk Parsi[1]

Sanajan iwak pèthèk asalé saka segara, nanging iwak pèthèk kalebu iwak kang caket ing kabudayan Jawa, amarga gerèh pèthèk asring dimanfangataké kanggo lawuh lan ing sesajénan, kayadéné kang kasebutaké ing Serat Centhini[2].

Iwak pèthèk bisa dicekel ing segara kanthi migunakaké jaring rampus, cantrang lan jaring arad. Saka panalitèn, iwak pèthèk mangan fitoplankton saka kelas Bacillariophyceae minangka pakan kang pokok, mligi saka spésiès Coscinodiscus. Saliyané iku uga jinis Crustacea saka kelas Copepoda. Iwak lanang racaké kanthi ukuran 90–104 mm, déné kang wadon 75–89 mm[3].

Rujukan

  1. "Leiognathus eéuulus". FishBase. Ed. Ranier Froese and Daniel Pauly. 7 2015 version. N.p.: FishBase, 2015.
  2. Sunjata, Wahjudi Pantja, dkk (2014). Kuliner Jawa Dalam Serat Centhini. Yogyakarta: Balai Pelestarian Aji Budaya (BPNB) Daerah Istimewa Yogyakarta. kk. 83–113.
  3. Lisnawati, Susan (2004). "Kebiasaan Makanan Ikan Petek (Lelognathus equulus, Forsskal 1775) di Perairan Pantai Mayangan, Subang, Jawa Barat".
licence
cc-by-sa-3.0
droit d’auteur
Penulis lan editor Wikipedia

Pèthèk: Brief Summary ( javanais )

fourni par wikipedia emerging languages

Iwak pèthèk (Leiognathus equulus) ya iku iwak segara saka Afrika Wétan tekan Fiji, sajeroning Samudra Hindia, Samudra Pasifik iring kulon. Segara Abang lan Teluk Parsi

Sanajan iwak pèthèk asalé saka segara, nanging iwak pèthèk kalebu iwak kang caket ing kabudayan Jawa, amarga gerèh pèthèk asring dimanfangataké kanggo lawuh lan ing sesajénan, kayadéné kang kasebutaké ing Serat Centhini.

Iwak pèthèk bisa dicekel ing segara kanthi migunakaké jaring rampus, cantrang lan jaring arad. Saka panalitèn, iwak pèthèk mangan fitoplankton saka kelas Bacillariophyceae minangka pakan kang pokok, mligi saka spésiès Coscinodiscus. Saliyané iku uga jinis Crustacea saka kelas Copepoda. Iwak lanang racaké kanthi ukuran 90–104 mm, déné kang wadon 75–89 mm.

licence
cc-by-sa-3.0
droit d’auteur
Penulis lan editor Wikipedia