dcsimg

Vibrio cholerae ( Jaava )

tarjonnut wikipedia emerging languages

Vibrio cholerae ya iku baktèri gram négatif, kanthi wagun basil (watang) oi galera tudo bem vei(bisa obah), duwé struktur antogènik saka antigen flagelar H lan antigèn somatik O, gamma-proteobacteria, mesofilik lan kemoorganotrof, habitat alaminé ing lingkungan akuatik lan lumrahé padha asosiasi kanthi eukariot.[1] Spesiès Vibrio kerep didhapuk kanthi sipat patogenisitase manungsa, mligi V. cholerae jalaran lelara kolèra sing ngrembaka ing nagara kang duwé banyu resik sithik lan duwé sanitasi kang ala.[2] V. cholerae tinemu wiwitané déning ahli anatomi saka Italia kang arané Filippo Pacini ing taun 1854.[3]. Nanging, panemon wiwitan iki lagi kaloka sawisé Robert Koch, kang nyinaoni lelara kolèra ing Mesir, taun 1883 kasil mbuktèkaké yèn baktèri mau jalaran kolera.[3]

Isolasi

Kanggo nganakake isolasi lan pangopenan vibrio, bisa migunakaké médhia Thiosulfate-citrate-bile salts agar (TCBS) kang minangka médhia selektif kanggo isolasi lan pemurnian Vibrio.[2] Vibrio mampu migunakaké sukrosa minangka sumber karbon kanthi warna kuning, déné liyané warna ijo.[2] Nanging uga ana kang mikrob kang bisa thukul ing médhia iki, kaya ta Staphylococcus, Flavobacterium, Pseudoalteromonas, lan Shewanella.[2] déné kanggo nambahi Vibrio, bisa migunakaké médhia Alkaline Peptone Water (APW) kang duwé pH relatif dhuwur, ya iku kira-kira 8.4 lan ngandhut NaCl kang cacahé 1-2%.[2] Pamodotan optimum vibrio ya iku ing suhu antarané 20- 35oC.[2]

Uji Biokimia

Teknik kang digunakaké ing identifikasi fenotipe V. cholerae ya iku uji lisin dekarboksilase lan ornitin (arginin) dekarboksilase, oksidase, Kliger Iron Agar (KIA), dan uji indol.[4] V. cholerae bisa nuduhaké asil positif ing patang uji biokimia mau.[4] Asil positif kanggo uji oksidase, uji lisin, lan arginin dekarboksilase ya iku kabentuke warna ungu tuwa.[4] Ing uji KIA, ora kadhapur gas, kanthi slant (pérangan lumahing médhia) kanthi warna abang (asifat basa) lan butt (pérangan dhasar médhia) wernane kuning (asifat asem).[5] kanggo nguji indol, bakal kadhapur warna abang semu ungu ing lumahing.[5]

Cathetan suku

  1. Holt JG, Krieg NR. 1994. Bergey’s manual of determinative microbiology, 9th ed.. Baltimore: The Williams & Wilkins Co. Hal:190-274.
  2. a b c d e f Thompson FL, Iida T, Swings J. 2004. Biodiversity of vibrios. Microbiol Mol Biol Rev 68: 403-31.
  3. a b Pollitzer, R. 1959. Cholera. Geneva: World Health Organization.
  4. a b c Choopun N, Louis V, Huq A, Colwell RR. 2002. Simple procedure for rapid identification of Vibrio cholerae from the aquatic environment. Appl Environ Microbiol 68: 995-8.
  5. a b Kay BA, Bopp CA, Wells JG. 1994. Vibrio cholerae and Cholera: Molecular to Global Perspectives. Washington DC: ASM Pr.

Uga delengen

Cithakan:Klasifikasi baktèri

Cithakan:Baktèri-stub

lisenssi
cc-by-sa-3.0
tekijänoikeus
Penulis lan editor Wikipedia
alkuperäinen
käy lähteessä
kumppanisivusto
wikipedia emerging languages

Vibrio cholerae: Brief Summary ( Jaava )

tarjonnut wikipedia emerging languages

Vibrio cholerae ya iku baktèri gram négatif, kanthi wagun basil (watang) oi galera tudo bem vei(bisa obah), duwé struktur antogènik saka antigen flagelar H lan antigèn somatik O, gamma-proteobacteria, mesofilik lan kemoorganotrof, habitat alaminé ing lingkungan akuatik lan lumrahé padha asosiasi kanthi eukariot. Spesiès Vibrio kerep didhapuk kanthi sipat patogenisitase manungsa, mligi V. cholerae jalaran lelara kolèra sing ngrembaka ing nagara kang duwé banyu resik sithik lan duwé sanitasi kang ala. V. cholerae tinemu wiwitané déning ahli anatomi saka Italia kang arané Filippo Pacini ing taun 1854.. Nanging, panemon wiwitan iki lagi kaloka sawisé Robert Koch, kang nyinaoni lelara kolèra ing Mesir, taun 1883 kasil mbuktèkaké yèn baktèri mau jalaran kolera.

lisenssi
cc-by-sa-3.0
tekijänoikeus
Penulis lan editor Wikipedia
alkuperäinen
käy lähteessä
kumppanisivusto
wikipedia emerging languages