dcsimg

Kinjeng dom ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Kinjeng dom ya iku kéwan gegremetan kang kalebu ordho Odonata, subordho Zygoptera[2].

Ciri

Kinjeng dom gampang dititèni saka awak kang kuru dawa kaya déné dom, lan suwiwi kang nglempit miturut dawané awak nalika nembé méncok ing tetuwuhan. Kinjeng dom asring tinemu ing sakiwa tengen blumbang, rawa, alas utawa sawah.[3] Kinjeng dom ngendhog ing banyu, kang banjur netes sawusé 2 dina. Kinjeng dom lumrahé duwé warna ijo semu kuning utawa ireng. Lumrahé kinjeng dom mapan ing papan kang cedhak banyu tawa, sanajan pira-pira spésiès saka Caenagrionidae ngendhog ing banyu payau lan malah uga ana sijining spésiès kang ngendhog ing banyu asin.

 src=
Pseudagrion indicum, lagi ngendhog; kinjeng dom lanang ana ing sisih ndhuwur

Sebaran

Kinjeng dom tinemu ing kabèh nagara, kajaba ing antartika. Kabèh ana spésiès cacah 2942 kang diklumpukaké ing 309 marga.[4]

Rujukan

  1. Selys-Longchamps, E. (1854). Monographie des caloptérygines (ing basa French). Brussels and Leipzig: C. Muquardt. kk. 1–291 [2]. doi:10.5962/bhl.title.60461.
  2. Lilies S., Christina. 1991. Kunci Determinasi Serangga. Yogyakarta: Penerbit Kanisius. ISBN 979-413-703-0
  3. Amri, Khairul; Sihombing, Toguan. 2008. Mengenal & Mengendalikan Predator Benih Ikan. Jakarta: PT Gramedia Pustaka. ISBN 978-979-22-3650-7
  4. Suhling, F.; Sahlén, G.; Gorb, S.; Kalkman, V.J.; Dijkstra, K-D.B.; van Tol, J. (2015). "Order Odonata". In Thorp, James & D. Christopher Rogers. Ecology and general biology. Thorp and Covich's Freshwater Invertebrates (ed. 4). Academic Press. kk. 893–932. ISBN 978-0-12-385026-3.
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Kinjeng dom: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Kinjeng dom ya iku kéwan gegremetan kang kalebu ordho Odonata, subordho Zygoptera.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia