Dara Mégan (Columba livia) ya iku jinis dara, famili Columbidae. Jinis dara iki gampang titenane, ya iku duwé wulu endhas lan gulune erna klawu tuwa, mengkilat ijo utawa abang ing gulu, garis kadel warna ireng ing suwiwi lan pucuk buntut, lan wulu putih ing suwiwi sisih njero. Dara megan kang isih alasan duwé warna wulu awak klawu enom, déné kang lulut lan dadi ingon-ingone manungsa uga duwé warna variasi saka blirik ireng nganti semu ireng.
Dara Megan diwasa awak dawane 29–37 cm, ambané suwiwi 62–72 cm. Dara kang isih alasan boboté 238-380 gram. Werna Wulu kaya kang wus kadheskripsi ing ndhuwur. Dara lanang lan wadon duwé praupan kang memper, sanajan uga ana bedane.
Kéwan iki urip ing laladan kang tenggar, lan ing alam racaké yasa susuh ing watu utawa karang. Asline tinemu ing Éropah, Afrika Lor lan Asia Kulon, banjur sumebar ing akèh papan. Populasine udakara 17-28 yuta ing Éropah.
Dara megan racaké duwé sipat monogami, ngendhog cacah 2 lan diayahi déning dara lanang lan wadon.

Nalika mabur