dcsimg

Ciplukan ( Cava dili )

wikipedia emerging languages tarafından sağlandı

Ciplukan utawa cèplukan iku jeneng jinis tetuwuhan sing wohé cilik, nalika mateng ketutup wohé déning klopak kembangé sing tambah gedhé. Woh iki uga dikenal ing panggonan liya kanthi aran cècènét utawa cècèndét (Sd.), lan nyurnyuran (Md.).

Ana 3 spésies kang bisa diarani ciplukan, ya iku Physalis angulata L., Physalis minima, lan Physalis peruviana. Déné tomatillo (Physalis philadelphica) duwé ukuran woh kang luwih gedhé.

Physalis angulata Blanco1.50.jpg
Physa angul 060503 5330 tdp.jpg

Pamilahan

Tuwuhan umur setahun, tegak, ndhuwur bisa nganti 1 m. Gagang kaya nduwé iga (="angulata") segi tajem lan growong. Godhongé bunder kaya endhog dawa kanthi pucuk mencit lan pinggirané bisa rata, bisa ora rata; 2,5-10,5 x 5–15 cm.

Kembang ing kèlèk kanthi gagang ngadeg, semu ungu, lan pucukè ndhingkluk. Klopaké kawilang lima kanthi lingir sudhut telu lan muncit ijo kanthi rangka ungu. Makuthané kaya klinthingan alekuk lima, kuning enom kanthi toh kuning tuwa lan semu coklat ing gulu pérangan njero, udakara 7–9 mm ndhuwuré. Gagang sari kuning pucet kanthi sirah sari biru enom.

Wohé ana ing njero wungkus klopak sing ngglembung awujud ndog nanging pucuké cilik, ijo enom semu kuning, kanthi rangka semu ungu, 2–4 cm dawané. Woh buni ing sajeroné iku awujud bunder dawa; 1,5–2 cm, matengé kuning, lan manis.

Ekologi lan kagunan

Lumrahé thukul saparan-paran, ciplukan lumrahé kacampur karo tetuwuhan herba lan grumbulan liyané ing kebon, tegalan, sawah sing garing (utawa pas mangsa panèn, pinggir dalan, pinggir alas, lan sajeroning alas sing kena sinaring srengéngé.

Wohé bisa dipangan lan pérangan liyané bisa kagunakaké kanggo jamu.

Jinis sing mèmper

Ing Jawa uga katemon jinis Physalis minima sing mèmper wujudé. Bédané ya iku jinis iki rambuté dawa ing gagangé lan godhong ijo (angulata: rambut cendhèk utawa gundhul); tandha V ing ngisor toh gulu makutha sing ora cetha (angulata: ana sakumpulan rambut cendhèk lan rapet mujud tandha V sing cetha); lan sirah sari warna kuning kuning kanthi paèsan biru.

Ciplukan warak Physalis peruviana kabudidayakaké ing Amérika Kidul, Australia lan Selandia Baru. Wohé dièkspor menyang Éropah.

Rujukan

  • Steenis, CGGJ van 1981. Flora, untuk sekolah di Indonesia. Pradnya Paramita, Jakarta.
  • Verheij, E.W.M. dan R.E. Coronel (eds.). 1997. Sumber Daya Nabati Asia Tenggara 2: Buah-buahan yang dapat dimakan. PROSEA – Gramedia. Jakarta. ISBN 979-511-672-2.
  • "The Plant List: A Working List of All Plant Species". Dijupuk 14 July 2014.
  • lisans
    cc-by-sa-3.0
    telif hakkı
    Penulis lan editor Wikipedia

    Ciplukan: Brief Summary ( Cava dili )

    wikipedia emerging languages tarafından sağlandı

    Ciplukan utawa cèplukan iku jeneng jinis tetuwuhan sing wohé cilik, nalika mateng ketutup wohé déning klopak kembangé sing tambah gedhé. Woh iki uga dikenal ing panggonan liya kanthi aran cècènét utawa cècèndét (Sd.), lan nyurnyuran (Md.).

    Ana 3 spésies kang bisa diarani ciplukan, ya iku Physalis angulata L., Physalis minima, lan Physalis peruviana. Déné tomatillo (Physalis philadelphica) duwé ukuran woh kang luwih gedhé.

    Physalis angulata Blanco1.50.jpg Physa angul 060503 5330 tdp.jpg
    lisans
    cc-by-sa-3.0
    telif hakkı
    Penulis lan editor Wikipedia

    Kòkmòl ( Haiti dili; Haiti Creole )

    wikipedia emerging languages tarafından sağlandı

    Kòkmòl se yon plant. Li nan fanmi plant kategori: Solanaceæ . Non syantifik li se Physalis angulata L. Physalis pubescens L.

    Istwa

    Istwa

    referans

    Kèk lyen

    lisans
    cc-by-sa-3.0
    telif hakkı
    Otè ak editè Wikipedia

    Kòkmòl: Brief Summary ( Haiti dili; Haiti Creole )